Surah Al-Anaam Ayahs #150 Translated in Jawa
وَعَلَى الَّذِينَ هَادُوا حَرَّمْنَا كُلَّ ذِي ظُفُرٍ ۖ وَمِنَ الْبَقَرِ وَالْغَنَمِ حَرَّمْنَا عَلَيْهِمْ شُحُومَهُمَا إِلَّا مَا حَمَلَتْ ظُهُورُهُمَا أَوِ الْحَوَايَا أَوْ مَا اخْتَلَطَ بِعَظْمٍ ۚ ذَٰلِكَ جَزَيْنَاهُمْ بِبَغْيِهِمْ ۖ وَإِنَّا لَصَادِقُونَ
Calathua: Ing sajroné apa kang kawedharaké marang aku, aku ora mrangguli barang kang dilarangi tumrap wong kang ma- ngan, yèn ta mangana iku, kajaba yèn iku bathang, utawa getih mili, utawa daging cèlèng – amarga iku pancèn jember – utawa yèn iku panerak, saliyané Allah kang nganggo sinebut ing kono; ananging sapa sing kepeksa déning kepépét, ora saka kapéngin lan ora angliwati wates, lah sayekti Pangéranira iku Aparamarta, Mahaasih
فَإِنْ كَذَّبُوكَ فَقُلْ رَبُّكُمْ ذُو رَحْمَةٍ وَاسِعَةٍ وَلَا يُرَدُّ بَأْسُهُ عَنِ الْقَوْمِ الْمُجْرِمِينَ
Lan tumrapé para kang pa- dha Yahudi Ingsun wus anglarangi sarupané kang mawa kuku, won- déné sapi lan wedhus Ingsun ang- larangi gajihé tumrap dhèwèké, kajaba kang ana ing gigiré sakaro- né, utawa jeroan utawa kang kalèt karo balung; iki pidana-Ningsun marang dhèwèké, amarga saka anggoné padha mirong, lan sayekti Ingsun iki sanyata Tuhu
سَيَقُولُ الَّذِينَ أَشْرَكُوا لَوْ شَاءَ اللَّهُ مَا أَشْرَكْنَا وَلَا آبَاؤُنَا وَلَا حَرَّمْنَا مِنْ شَيْءٍ ۚ كَذَٰلِكَ كَذَّبَ الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ حَتَّىٰ ذَاقُوا بَأْسَنَا ۗ قُلْ هَلْ عِنْدَكُمْ مِنْ عِلْمٍ فَتُخْرِجُوهُ لَنَا ۖ إِنْ تَتَّبِعُونَ إِلَّا الظَّنَّ وَإِنْ أَنْتُمْ إِلَّا تَخْرُصُونَ
Lah manawa dhèwèké pa- dha anggorohaké ing sira, banjur calathua: Pangéranira iku gustining wilasa kang jembar-anglimputi; lan pidana-Né ora kena tinulak saka para wong kang duraka
قُلْ فَلِلَّهِ الْحُجَّةُ الْبَالِغَةُ ۖ فَلَوْ شَاءَ لَهَدَاكُمْ أَجْمَعِينَ
Para kang padha manembah pangéran akèh bakal padha cala- thu: Manawa Allah angarsakna, ora bakal aku padha nyakuthokna , mangkono uga bapak-bapakku; sarta ora bakal aku padha angla- rangana apa-apa ; kaya mangkono uga para wong ing sadurungé iya padha anggorohaké, nganti padha ang- rasakaké pidana-Ningsun. Cala- thua: apa kowé padha duwé kawruh; lah padha lahirna marang aku? Ora liya sira mung padha manut ing panyana sarta ora liya sira iku mung adoracara
قُلْ هَلُمَّ شُهَدَاءَكُمُ الَّذِينَ يَشْهَدُونَ أَنَّ اللَّهَ حَرَّمَ هَٰذَا ۖ فَإِنْ شَهِدُوا فَلَا تَشْهَدْ مَعَهُمْ ۚ وَلَا تَتَّبِعْ أَهْوَاءَ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا وَالَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِالْآخِرَةِ وَهُمْ بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُونَ
Calathua: Lah kagungané Allah bukti kang sampurna iku; mulané manawa Panjenengané angarsakaké, amasthi bakal anun- tun ing sira kabéh
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
