Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #153 Translated in Jawa

قُلْ فَلِلَّهِ الْحُجَّةُ الْبَالِغَةُ ۖ فَلَوْ شَاءَ لَهَدَاكُمْ أَجْمَعِينَ
Para kang padha manembah pangéran akèh bakal padha cala- thu: Manawa Allah angarsakna, ora bakal aku padha nyakuthokna , mangkono uga bapak-bapakku; sarta ora bakal aku padha angla- rangana apa-apa ; kaya mangkono uga para wong ing sadurungé iya padha anggorohaké, nganti padha ang- rasakaké pidana-Ningsun. Cala- thua: apa kowé padha duwé kawruh; lah padha lahirna marang aku? Ora liya sira mung padha manut ing panyana sarta ora liya sira iku mung adoracara
قُلْ هَلُمَّ شُهَدَاءَكُمُ الَّذِينَ يَشْهَدُونَ أَنَّ اللَّهَ حَرَّمَ هَٰذَا ۖ فَإِنْ شَهِدُوا فَلَا تَشْهَدْ مَعَهُمْ ۚ وَلَا تَتَّبِعْ أَهْوَاءَ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا وَالَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِالْآخِرَةِ وَهُمْ بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُونَ
Calathua: Lah kagungané Allah bukti kang sampurna iku; mulané manawa Panjenengané angarsakaké, amasthi bakal anun- tun ing sira kabéh
قُلْ تَعَالَوْا أَتْلُ مَا حَرَّمَ رَبُّكُمْ عَلَيْكُمْ ۖ أَلَّا تُشْرِكُوا بِهِ شَيْئًا ۖ وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا ۖ وَلَا تَقْتُلُوا أَوْلَادَكُمْ مِنْ إِمْلَاقٍ ۖ نَحْنُ نَرْزُقُكُمْ وَإِيَّاهُمْ ۖ وَلَا تَقْرَبُوا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ ۖ وَلَا تَقْتُلُوا النَّفْسَ الَّتِي حَرَّمَ اللَّهُ إِلَّا بِالْحَقِّ ۚ ذَٰلِكُمْ وَصَّاكُمْ بِهِ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُونَ
Calathua: Nekakna saksi- saksinira, kang bakal padha anek- sèni, manawa Allah anglarangi iki; lah manawa dhèwèké padha anek- sèni, kowé iya aja mélu dhèwèké aneksèni; lan aja kowé manut pépénginané asor para kang padha anggorohaké timbalan-Ingsun sarta para kang padha ora angèstu ing akhirat tuwin padha amadhakaké karo Pangérané
وَلَا تَقْرَبُوا مَالَ الْيَتِيمِ إِلَّا بِالَّتِي هِيَ أَحْسَنُ حَتَّىٰ يَبْلُغَ أَشُدَّهُ ۖ وَأَوْفُوا الْكَيْلَ وَالْمِيزَانَ بِالْقِسْطِ ۖ لَا نُكَلِّفُ نَفْسًا إِلَّا وُسْعَهَا ۖ وَإِذَا قُلْتُمْ فَاعْدِلُوا وَلَوْ كَانَ ذَا قُرْبَىٰ ۖ وَبِعَهْدِ اللَّهِ أَوْفُوا ۚ ذَٰلِكُمْ وَصَّاكُمْ بِهِ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ
Calathua: Padha mrénéa, dak wacané apa kang dilarangi Pangéranira ingatasé sira – yaiku aja sira padha anyaku- thokaké apa-apa karo Panjenenga- né, sarta marang wong tuwa saka- loron dibecik, lan aja sira padha amatèni anak-anakira, amarga saka kamlaratan – Ingsun kang angrejekèni sira sarta marang dhèwèké – lan aja sira padha ace- dhak-cedhak laku nistha; apa kang lahir apa kang batin, lan aja amatè- ni jiwa kang dilarangi déning Allah, kajaba beneré; iki welingé Panjenengané marang sira, supaya sira padha ngerti
وَأَنَّ هَٰذَا صِرَاطِي مُسْتَقِيمًا فَاتَّبِعُوهُ ۖ وَلَا تَتَّبِعُوا السُّبُلَ فَتَفَرَّقَ بِكُمْ عَنْ سَبِيلِهِ ۚ ذَٰلِكُمْ وَصَّاكُمْ بِهِ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
Lan aja padha cedhak- cedhak bandhané bocah yatim, kajaba kalawan laku kang utama, nganti tumekané déwasa- né; lan padha dikebak ing panaker sarta dikalawan jejeg ing panraju. Ingsun ora mardi-mardi ing jiwa, kajaba sakuwasané; lan samangsa sira calathu, lah padha sing adil, sanajan ta ing krabat, sarta padha anetepana ing janjiné Allah; iki anggoné meling Panje- nengané marang sira, supaya sira padha éling

Choose other languages: