Surah Ibrahim Translated in Jawa
الر ۚ كِتَابٌ أَنْزَلْنَاهُ إِلَيْكَ لِتُخْرِجَ النَّاسَ مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ بِإِذْنِ رَبِّهِمْ إِلَىٰ صِرَاطِ الْعَزِيزِ الْحَمِيدِ
Ingsun, Allah Ingkang-Amir- sani.a kitab kang Ingsun dha- wuhaké marang sira supaya sira angetokna manusa saka ing pepe- teng lelimenganb marang papa- dhang kalawan idining Pangérané – marang dadalané Ingkang-Maha- mulya, Ingkang-Ingalembana
اللَّهِ الَّذِي لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۗ وَوَيْلٌ لِلْكَافِرِينَ مِنْ عَذَابٍ شَدِيدٍ
Dadalané , kang saba- rang kang ana ing langit-langit lan bumi kagungan-É; lan cilaka tu- mrap para kafir amarga saka siksa kang abot
الَّذِينَ يَسْتَحِبُّونَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا عَلَى الْآخِرَةِ وَيَصُدُّونَ عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ وَيَبْغُونَهَا عِوَجًا ۚ أُولَٰئِكَ فِي ضَلَالٍ بَعِيدٍ
para kang padha luwih dhemen ing kadonyan iki angungkuli akhirat lan padha nyimpang saka dadalané Allah, lan iki diarah bisané béngkong; iki padha dumunung ana ing sasar kang adoh
وَمَا أَرْسَلْنَا مِنْ رَسُولٍ إِلَّا بِلِسَانِ قَوْمِهِ لِيُبَيِّنَ لَهُمْ ۖ فَيُضِلُّ اللَّهُ مَنْ يَشَاءُ وَيَهْدِي مَنْ يَشَاءُ ۚ وَهُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ
Lan Ingsun angutus sawiji- ning utusan iki ora liya kajaba nganggo basané bangsané supaya bisa anerangaké kalawan cetha marang dhèwèké; tumuli Allah agawé sasar sapa kang dadi kapa- reng-É, sarta anuntun sapa kang dadi kapareng-É, lan Panjenengané iku Ingkang-mahamulya, Ingkang- Wicaksana
وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا مُوسَىٰ بِآيَاتِنَا أَنْ أَخْرِجْ قَوْمَكَ مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ وَذَكِّرْهُمْ بِأَيَّامِ اللَّهِ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِكُلِّ صَبَّارٍ شَكُورٍ
Lan sayekti temen Ingsun wus angutus Musa angemban timbalan- timbalan-Ingsun pangandika-Ning- sun: Wetokna bangsanira saka ing peteng lilimengan marang papa- dhang sarta padha élingna ing dinaning Allah; sayekti ing kono temen ana tandha-tandha tumrap sadhéngah kang sabar, kang weruh ing panarima
وَإِذْ قَالَ مُوسَىٰ لِقَوْمِهِ اذْكُرُوا نِعْمَةَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ إِذْ أَنْجَاكُمْ مِنْ آلِ فِرْعَوْنَ يَسُومُونَكُمْ سُوءَ الْعَذَابِ وَيُذَبِّحُونَ أَبْنَاءَكُمْ وَيَسْتَحْيُونَ نِسَاءَكُمْ ۚ وَفِي ذَٰلِكُمْ بَلَاءٌ مِنْ رَبِّكُمْ عَظِيمٌ
Lan nalikané Musa calathu marang bangsané: Padha élinga nugrahané Allah marang sira kabèh, nalika Panjenengané anyla- metaké sira saka wongé Fir’aun kang anibakaké sira kabèh ing siksa kang alaa lan padha ambelèhi anak-anakira lanang sarta anguripi anak-anakira wadon;b lan ana ing kono iku coba kang gedhé saka Pangéranira
وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِنْ شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ ۖ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِي لَشَدِيدٌ
Lan nalikané Pangéranira angundhangaké: Manawa sira pa- dha weruh ing panarima yekti Ingsun bakal muwuhi sira, lan manawa sira padha ora weruh ing panarima, sayekti siksa-Ningsun iku abot
وَقَالَ مُوسَىٰ إِنْ تَكْفُرُوا أَنْتُمْ وَمَنْ فِي الْأَرْضِ جَمِيعًا فَإِنَّ اللَّهَ لَغَنِيٌّ حَمِيدٌ
Lan Musa calathu: Manawa sira padha ora weruh ing panarima, sira lan sapa-sapa ing bumi kabèh, lah sayekti Allah iku piyambak wis kecukup, Ingalembana
أَلَمْ يَأْتِكُمْ نَبَأُ الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ قَوْمِ نُوحٍ وَعَادٍ وَثَمُودَ ۛ وَالَّذِينَ مِنْ بَعْدِهِمْ ۛ لَا يَعْلَمُهُمْ إِلَّا اللَّهُ ۚ جَاءَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنَاتِ فَرَدُّوا أَيْدِيَهُمْ فِي أَفْوَاهِهِمْ وَقَالُوا إِنَّا كَفَرْنَا بِمَا أُرْسِلْتُمْ بِهِ وَإِنَّا لَفِي شَكٍّ مِمَّا تَدْعُونَنَا إِلَيْهِ مُرِيبٍ
Apa ora tumeka ing sira cari- tané para ing sadurungira, bang- sané Nuhc lan ‘Add lan Tsamude sarta para kang sapungkuré iki? Ora ana ameruhi dhèwèké kajaba Allah. A Para utusané padha anekani dhèwèké kalawan bukti- bukti kang cetha, ananging dhè- wèké padha anyalobokaké tangan- tangané ing cangkem-cangkemé, sarta padha calathu: Sayekti, aku padha angemohi ing barang kang diutusaké ing kowé lan sayekti aku iki dumunung ing semang-semang kang abanget tumrap sabarang kang koajakaké marang aku kabèh
قَالَتْ رُسُلُهُمْ أَفِي اللَّهِ شَكٌّ فَاطِرِ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ يَدْعُوكُمْ لِيَغْفِرَ لَكُمْ مِنْ ذُنُوبِكُمْ وَيُؤَخِّرَكُمْ إِلَىٰ أَجَلٍ مُسَمًّى ۚ قَالُوا إِنْ أَنْتُمْ إِلَّا بَشَرٌ مِثْلُنَا تُرِيدُونَ أَنْ تَصُدُّونَا عَمَّا كَانَ يَعْبُدُ آبَاؤُنَا فَأْتُونَا بِسُلْطَانٍ مُبِينٍ
Para utusané padha calathu: Apa ana semang-semangé ing dalem Allah, kang ani- tahaké langit-langit lan bumi? Panjenengané anguwuh sira amrih angapura marang sira saka ing kaluputanira sarta anyumenèkaké sira tumeka mangsa kang tinamtu. Dhèwèké padha calathu: Kowé iku ora liya kajaba wong padhané aku; kowé padha niyat arep anyimpang- aké aku saka apa kang adaté disembah-sembah bapak-bapakku; mulané anekakna wisésa kang cetha marang aku
Load More