Quran Apps in many lanuages:

Surah Ibrahim Ayahs #9 Translated in Jawa

وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا مُوسَىٰ بِآيَاتِنَا أَنْ أَخْرِجْ قَوْمَكَ مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ وَذَكِّرْهُمْ بِأَيَّامِ اللَّهِ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِكُلِّ صَبَّارٍ شَكُورٍ
Lan sayekti temen Ingsun wus angutus Musa angemban timbalan- timbalan-Ingsun pangandika-Ning- sun: Wetokna bangsanira saka ing peteng lilimengan marang papa- dhang sarta padha élingna ing dinaning Allah; sayekti ing kono temen ana tandha-tandha tumrap sadhéngah kang sabar, kang weruh ing panarima
وَإِذْ قَالَ مُوسَىٰ لِقَوْمِهِ اذْكُرُوا نِعْمَةَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ إِذْ أَنْجَاكُمْ مِنْ آلِ فِرْعَوْنَ يَسُومُونَكُمْ سُوءَ الْعَذَابِ وَيُذَبِّحُونَ أَبْنَاءَكُمْ وَيَسْتَحْيُونَ نِسَاءَكُمْ ۚ وَفِي ذَٰلِكُمْ بَلَاءٌ مِنْ رَبِّكُمْ عَظِيمٌ
Lan nalikané Musa calathu marang bangsané: Padha élinga nugrahané Allah marang sira kabèh, nalika Panjenengané anyla- metaké sira saka wongé Fir’aun kang anibakaké sira kabèh ing siksa kang alaa lan padha ambelèhi anak-anakira lanang sarta anguripi anak-anakira wadon;b lan ana ing kono iku coba kang gedhé saka Pangéranira
وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِنْ شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ ۖ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِي لَشَدِيدٌ
Lan nalikané Pangéranira angundhangaké: Manawa sira pa- dha weruh ing panarima yekti Ingsun bakal muwuhi sira, lan manawa sira padha ora weruh ing panarima, sayekti siksa-Ningsun iku abot
وَقَالَ مُوسَىٰ إِنْ تَكْفُرُوا أَنْتُمْ وَمَنْ فِي الْأَرْضِ جَمِيعًا فَإِنَّ اللَّهَ لَغَنِيٌّ حَمِيدٌ
Lan Musa calathu: Manawa sira padha ora weruh ing panarima, sira lan sapa-sapa ing bumi kabèh, lah sayekti Allah iku piyambak wis kecukup, Ingalembana
أَلَمْ يَأْتِكُمْ نَبَأُ الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ قَوْمِ نُوحٍ وَعَادٍ وَثَمُودَ ۛ وَالَّذِينَ مِنْ بَعْدِهِمْ ۛ لَا يَعْلَمُهُمْ إِلَّا اللَّهُ ۚ جَاءَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنَاتِ فَرَدُّوا أَيْدِيَهُمْ فِي أَفْوَاهِهِمْ وَقَالُوا إِنَّا كَفَرْنَا بِمَا أُرْسِلْتُمْ بِهِ وَإِنَّا لَفِي شَكٍّ مِمَّا تَدْعُونَنَا إِلَيْهِ مُرِيبٍ
Apa ora tumeka ing sira cari- tané para ing sadurungira, bang- sané Nuhc lan ‘Add lan Tsamude sarta para kang sapungkuré iki? Ora ana ameruhi dhèwèké kajaba Allah. A Para utusané padha anekani dhèwèké kalawan bukti- bukti kang cetha, ananging dhè- wèké padha anyalobokaké tangan- tangané ing cangkem-cangkemé, sarta padha calathu: Sayekti, aku padha angemohi ing barang kang diutusaké ing kowé lan sayekti aku iki dumunung ing semang-semang kang abanget tumrap sabarang kang koajakaké marang aku kabèh

Choose other languages: