Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #151 Translated in Jawa

فَإِنْ كَذَّبُوكَ فَقُلْ رَبُّكُمْ ذُو رَحْمَةٍ وَاسِعَةٍ وَلَا يُرَدُّ بَأْسُهُ عَنِ الْقَوْمِ الْمُجْرِمِينَ
Lan tumrapé para kang pa- dha Yahudi Ingsun wus anglarangi sarupané kang mawa kuku, won- déné sapi lan wedhus Ingsun ang- larangi gajihé tumrap dhèwèké, kajaba kang ana ing gigiré sakaro- né, utawa jeroan utawa kang kalèt karo balung; iki pidana-Ningsun marang dhèwèké, amarga saka anggoné padha mirong, lan sayekti Ingsun iki sanyata Tuhu
سَيَقُولُ الَّذِينَ أَشْرَكُوا لَوْ شَاءَ اللَّهُ مَا أَشْرَكْنَا وَلَا آبَاؤُنَا وَلَا حَرَّمْنَا مِنْ شَيْءٍ ۚ كَذَٰلِكَ كَذَّبَ الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ حَتَّىٰ ذَاقُوا بَأْسَنَا ۗ قُلْ هَلْ عِنْدَكُمْ مِنْ عِلْمٍ فَتُخْرِجُوهُ لَنَا ۖ إِنْ تَتَّبِعُونَ إِلَّا الظَّنَّ وَإِنْ أَنْتُمْ إِلَّا تَخْرُصُونَ
Lah manawa dhèwèké pa- dha anggorohaké ing sira, banjur calathua: Pangéranira iku gustining wilasa kang jembar-anglimputi; lan pidana-Né ora kena tinulak saka para wong kang duraka
قُلْ فَلِلَّهِ الْحُجَّةُ الْبَالِغَةُ ۖ فَلَوْ شَاءَ لَهَدَاكُمْ أَجْمَعِينَ
Para kang padha manembah pangéran akèh bakal padha cala- thu: Manawa Allah angarsakna, ora bakal aku padha nyakuthokna , mangkono uga bapak-bapakku; sarta ora bakal aku padha angla- rangana apa-apa ; kaya mangkono uga para wong ing sadurungé iya padha anggorohaké, nganti padha ang- rasakaké pidana-Ningsun. Cala- thua: apa kowé padha duwé kawruh; lah padha lahirna marang aku? Ora liya sira mung padha manut ing panyana sarta ora liya sira iku mung adoracara
قُلْ هَلُمَّ شُهَدَاءَكُمُ الَّذِينَ يَشْهَدُونَ أَنَّ اللَّهَ حَرَّمَ هَٰذَا ۖ فَإِنْ شَهِدُوا فَلَا تَشْهَدْ مَعَهُمْ ۚ وَلَا تَتَّبِعْ أَهْوَاءَ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا وَالَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِالْآخِرَةِ وَهُمْ بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُونَ
Calathua: Lah kagungané Allah bukti kang sampurna iku; mulané manawa Panjenengané angarsakaké, amasthi bakal anun- tun ing sira kabéh
قُلْ تَعَالَوْا أَتْلُ مَا حَرَّمَ رَبُّكُمْ عَلَيْكُمْ ۖ أَلَّا تُشْرِكُوا بِهِ شَيْئًا ۖ وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا ۖ وَلَا تَقْتُلُوا أَوْلَادَكُمْ مِنْ إِمْلَاقٍ ۖ نَحْنُ نَرْزُقُكُمْ وَإِيَّاهُمْ ۖ وَلَا تَقْرَبُوا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ ۖ وَلَا تَقْتُلُوا النَّفْسَ الَّتِي حَرَّمَ اللَّهُ إِلَّا بِالْحَقِّ ۚ ذَٰلِكُمْ وَصَّاكُمْ بِهِ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُونَ
Calathua: Nekakna saksi- saksinira, kang bakal padha anek- sèni, manawa Allah anglarangi iki; lah manawa dhèwèké padha anek- sèni, kowé iya aja mélu dhèwèké aneksèni; lan aja kowé manut pépénginané asor para kang padha anggorohaké timbalan-Ingsun sarta para kang padha ora angèstu ing akhirat tuwin padha amadhakaké karo Pangérané

Choose other languages: