Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #31 Translated in Jawa

وَاللَّهُ يُرِيدُ أَنْ يَتُوبَ عَلَيْكُمْ وَيُرِيدُ الَّذِينَ يَتَّبِعُونَ الشَّهَوَاتِ أَنْ تَمِيلُوا مَيْلًا عَظِيمًا
Allah kersa nampa tobatira kabeh. Dene wong-wong kang padha nggugu hawa nafsune (wong Yahudi lan wong Nasrani) iku padha pamrih supaya sira kabeh padha nyleweng temenan (saka barang kang bener)
يُرِيدُ اللَّهُ أَنْ يُخَفِّفَ عَنْكُمْ ۚ وَخُلِقَ الْإِنْسَانُ ضَعِيفًا
Allah kersa ngenthengake marang sira kabeh, jalaran manungsa iku dititahake apes
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَأْكُلُوا أَمْوَالَكُمْ بَيْنَكُمْ بِالْبَاطِلِ إِلَّا أَنْ تَكُونَ تِجَارَةً عَنْ تَرَاضٍ مِنْكُمْ ۚ وَلَا تَقْتُلُوا أَنْفُسَكُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ كَانَ بِكُمْ رَحِيمًا
Para wong mukmin kabeh, sira aja mangan bandha-bandhanira ana ing antaranira kelawan batal, kajaba yen bandha mau arupa dagangan kang wis krana lila, lan sira aja padha mateni awakira dhewe, jalaran satemene Allah iku Maha Asih marang sira kabeh
وَمَنْ يَفْعَلْ ذَٰلِكَ عُدْوَانًا وَظُلْمًا فَسَوْفَ نُصْلِيهِ نَارًا ۚ وَكَانَ ذَٰلِكَ عَلَى اللَّهِ يَسِيرًا
Lan sing sapa tumindak kang mengkono iku nglanggar wates lan nganiaya, temen Ingsung nutup (ngilangi) kaluputanira (kang cilik) bakal nyemplungake dheweke ana ing neraka. Lan kang mengkono iku mungguhing Allah gampang
إِنْ تَجْتَنِبُوا كَبَائِرَ مَا تُنْهَوْنَ عَنْهُ نُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَنُدْخِلْكُمْ مُدْخَلًا كَرِيمًا
Menawa sira padha nyingkiri larangan (dosa) gedhe kang tumrap marang sira kabeh, mesthi tumindak ala kang sira tindakake Ingsun tutupi (dosa-dosa cilik) Lan sira bakal padha Ingsun lebokake ing suwarga kang Mulya

Choose other languages: