Surah An-Nisa Ayahs #32 Translated in Jawa
يُرِيدُ اللَّهُ أَنْ يُخَفِّفَ عَنْكُمْ ۚ وَخُلِقَ الْإِنْسَانُ ضَعِيفًا
Allah kersa ngenthengake marang sira kabeh, jalaran manungsa iku dititahake apes
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَأْكُلُوا أَمْوَالَكُمْ بَيْنَكُمْ بِالْبَاطِلِ إِلَّا أَنْ تَكُونَ تِجَارَةً عَنْ تَرَاضٍ مِنْكُمْ ۚ وَلَا تَقْتُلُوا أَنْفُسَكُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ كَانَ بِكُمْ رَحِيمًا
Para wong mukmin kabeh, sira aja mangan bandha-bandhanira ana ing antaranira kelawan batal, kajaba yen bandha mau arupa dagangan kang wis krana lila, lan sira aja padha mateni awakira dhewe, jalaran satemene Allah iku Maha Asih marang sira kabeh
وَمَنْ يَفْعَلْ ذَٰلِكَ عُدْوَانًا وَظُلْمًا فَسَوْفَ نُصْلِيهِ نَارًا ۚ وَكَانَ ذَٰلِكَ عَلَى اللَّهِ يَسِيرًا
Lan sing sapa tumindak kang mengkono iku nglanggar wates lan nganiaya, temen Ingsung nutup (ngilangi) kaluputanira (kang cilik) bakal nyemplungake dheweke ana ing neraka. Lan kang mengkono iku mungguhing Allah gampang
إِنْ تَجْتَنِبُوا كَبَائِرَ مَا تُنْهَوْنَ عَنْهُ نُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَنُدْخِلْكُمْ مُدْخَلًا كَرِيمًا
Menawa sira padha nyingkiri larangan (dosa) gedhe kang tumrap marang sira kabeh, mesthi tumindak ala kang sira tindakake Ingsun tutupi (dosa-dosa cilik) Lan sira bakal padha Ingsun lebokake ing suwarga kang Mulya
وَلَا تَتَمَنَّوْا مَا فَضَّلَ اللَّهُ بِهِ بَعْضَكُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ ۚ لِلرِّجَالِ نَصِيبٌ مِمَّا اكْتَسَبُوا ۖ وَلِلنِّسَاءِ نَصِيبٌ مِمَّا اكْتَسَبْنَ ۚ وَاسْأَلُوا اللَّهَ مِنْ فَضْلِهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمًا
Lan sira aja padha kemeren, ngarep-ngarep kabegjan kang wis diparingake dening Allah marang saweneh saka sira ngungkuli liyane. Para wong lanang padha duwe panduman pituwase barang kang wis padha ditindakake. Para wong wadon uga padha duwe panduman pituwase barang kang wis ditindakake. Sira padha nyuwuna sih kanugrahaning Allah. Satemene Allah iku ngudaneni marang samubarang
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
