Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #34 Translated in Jawa

وَمَنْ يَفْعَلْ ذَٰلِكَ عُدْوَانًا وَظُلْمًا فَسَوْفَ نُصْلِيهِ نَارًا ۚ وَكَانَ ذَٰلِكَ عَلَى اللَّهِ يَسِيرًا
Lan sing sapa tumindak kang mengkono iku nglanggar wates lan nganiaya, temen Ingsung nutup (ngilangi) kaluputanira (kang cilik) bakal nyemplungake dheweke ana ing neraka. Lan kang mengkono iku mungguhing Allah gampang
إِنْ تَجْتَنِبُوا كَبَائِرَ مَا تُنْهَوْنَ عَنْهُ نُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَنُدْخِلْكُمْ مُدْخَلًا كَرِيمًا
Menawa sira padha nyingkiri larangan (dosa) gedhe kang tumrap marang sira kabeh, mesthi tumindak ala kang sira tindakake Ingsun tutupi (dosa-dosa cilik) Lan sira bakal padha Ingsun lebokake ing suwarga kang Mulya
وَلَا تَتَمَنَّوْا مَا فَضَّلَ اللَّهُ بِهِ بَعْضَكُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ ۚ لِلرِّجَالِ نَصِيبٌ مِمَّا اكْتَسَبُوا ۖ وَلِلنِّسَاءِ نَصِيبٌ مِمَّا اكْتَسَبْنَ ۚ وَاسْأَلُوا اللَّهَ مِنْ فَضْلِهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمًا
Lan sira aja padha kemeren, ngarep-ngarep kabegjan kang wis diparingake dening Allah marang saweneh saka sira ngungkuli liyane. Para wong lanang padha duwe panduman pituwase barang kang wis padha ditindakake. Para wong wadon uga padha duwe panduman pituwase barang kang wis ditindakake. Sira padha nyuwuna sih kanugrahaning Allah. Satemene Allah iku ngudaneni marang samubarang
وَلِكُلٍّ جَعَلْنَا مَوَالِيَ مِمَّا تَرَكَ الْوَالِدَانِ وَالْأَقْرَبُونَ ۚ وَالَّذِينَ عَقَدَتْ أَيْمَانُكُمْ فَآتُوهُمْ نَصِيبَهُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ شَهِيدًا
Lan tumrap siji-sijine wong (mati) Ingsun wis ndadekake ahli waris tumrap barang tetinggalane, (yaiku) wong tuwane loro lan para sanak sadulure. Lan (menawa ana) wong-wong padha perjanjian kanthi supawa (kawula), jalaran saka iku sira padha menehna wong-wong mau. Satemene Allah iku Maha nekseni marang samubarang
الرِّجَالُ قَوَّامُونَ عَلَى النِّسَاءِ بِمَا فَضَّلَ اللَّهُ بَعْضَهُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ وَبِمَا أَنْفَقُوا مِنْ أَمْوَالِهِمْ ۚ فَالصَّالِحَاتُ قَانِتَاتٌ حَافِظَاتٌ لِلْغَيْبِ بِمَا حَفِظَ اللَّهُ ۚ وَاللَّاتِي تَخَافُونَ نُشُوزَهُنَّ فَعِظُوهُنَّ وَاهْجُرُوهُنَّ فِي الْمَضَاجِعِ وَاضْرِبُوهُنَّ ۖ فَإِنْ أَطَعْنَكُمْ فَلَا تَبْغُوا عَلَيْهِنَّ سَبِيلًا ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلِيًّا كَبِيرًا
Para wong lanang iku padha nguwasani (dadi Pemimpin) marang para wong wadon, jalaran anggone Allah ngluwihake wong lanang ngungkuli wong-wong wadon, lan jalaran anggone dheweke wis aweh nafkah nganggo bandhane, Mulane wong wadon kang becik iku mesthi manut miturut (tha’at) marang lakine (bojo), tur rumeksa ing wadine (ora sedheng) kelawan pangreksane Allah kang wis didhawuhake. Dene wong wadon kang sira kuwatirake wangkal (ora manut miturut), iku sira pituturan kang becik, yen meksa wangkal, nuli sira ngedohna saka paturone. Yen meksa isih wangkal, sira gitiki. Dene yen banjur manut miturut marang sira, aja sira goleh-golekake perkara. Satemene Allah iku Maha Luhur lan Maha Agung

Choose other languages: