Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #30 Translated in Jawa

يُرِيدُ اللَّهُ لِيُبَيِّنَ لَكُمْ وَيَهْدِيَكُمْ سُنَنَ الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ وَيَتُوبَ عَلَيْكُمْ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ
Allah iku kersa nerangake laku-lakuning agama marang sira kabeh lan paring pituduh laku-lakuning para Nabi sadurungira lan kersa nampa tobatira. Dene Allah iku Maha Ngudaneni sarta Maha Wicaksana
وَاللَّهُ يُرِيدُ أَنْ يَتُوبَ عَلَيْكُمْ وَيُرِيدُ الَّذِينَ يَتَّبِعُونَ الشَّهَوَاتِ أَنْ تَمِيلُوا مَيْلًا عَظِيمًا
Allah kersa nampa tobatira kabeh. Dene wong-wong kang padha nggugu hawa nafsune (wong Yahudi lan wong Nasrani) iku padha pamrih supaya sira kabeh padha nyleweng temenan (saka barang kang bener)
يُرِيدُ اللَّهُ أَنْ يُخَفِّفَ عَنْكُمْ ۚ وَخُلِقَ الْإِنْسَانُ ضَعِيفًا
Allah kersa ngenthengake marang sira kabeh, jalaran manungsa iku dititahake apes
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَأْكُلُوا أَمْوَالَكُمْ بَيْنَكُمْ بِالْبَاطِلِ إِلَّا أَنْ تَكُونَ تِجَارَةً عَنْ تَرَاضٍ مِنْكُمْ ۚ وَلَا تَقْتُلُوا أَنْفُسَكُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ كَانَ بِكُمْ رَحِيمًا
Para wong mukmin kabeh, sira aja mangan bandha-bandhanira ana ing antaranira kelawan batal, kajaba yen bandha mau arupa dagangan kang wis krana lila, lan sira aja padha mateni awakira dhewe, jalaran satemene Allah iku Maha Asih marang sira kabeh
وَمَنْ يَفْعَلْ ذَٰلِكَ عُدْوَانًا وَظُلْمًا فَسَوْفَ نُصْلِيهِ نَارًا ۚ وَكَانَ ذَٰلِكَ عَلَى اللَّهِ يَسِيرًا
Lan sing sapa tumindak kang mengkono iku nglanggar wates lan nganiaya, temen Ingsung nutup (ngilangi) kaluputanira (kang cilik) bakal nyemplungake dheweke ana ing neraka. Lan kang mengkono iku mungguhing Allah gampang

Choose other languages: