Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #67 Translated in Jawa

وَإِذْ أَخَذْنَا مِيثَاقَكُمْ وَرَفَعْنَا فَوْقَكُمُ الطُّورَ خُذُوا مَا آتَيْنَاكُمْ بِقُوَّةٍ وَاذْكُرُوا مَا فِيهِ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
Lan (padha elinga) nalikane Ingsun mundhut sesangemanira lang Ingsung nganggo ambedhol gunung, Ingsun ungkulake (unggahake) ana ing dhuwurira, pangandikaningsun, "Samu barang kang wis Ingsun dhawuhake marang sira kabeh padha sendikanana, lakonana kelawan temen-temen, lan padha elinga samubarang kang kamot ing dhawuh mau, supaya sira padha kareksa saka tumindak ala
ثُمَّ تَوَلَّيْتُمْ مِنْ بَعْدِ ذَٰلِكَ ۖ فَلَوْلَا فَضْلُ اللَّهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهُ لَكُنْتُمْ مِنَ الْخَاسِرِينَ
(Sawisa sira padha sanggem) sira nuli padha ambalik saupama ora ana sih nugrahaning Allah kang rumentah marang sira kabeh, mesthi sira padha klebu eweoning wong kang padha kapitunan
وَلَقَدْ عَلِمْتُمُ الَّذِينَ اعْتَدَوْا مِنْكُمْ فِي السَّبْتِ فَقُلْنَا لَهُمْ كُونُوا قِرَدَةً خَاسِئِينَ
Satemene sira padha weruh kancanira kang padha nerak wewates ana ing dina Sabtu, padha Ingsun paringi pangandika, "Sira padha dadiya kethek kang digethingi
فَجَعَلْنَاهَا نَكَالًا لِمَا بَيْنَ يَدَيْهَا وَمَا خَلْفَهَا وَمَوْعِظَةً لِلْمُتَّقِينَ
Ingsun ndadekake siksa kang wis kasebut mau Ingsun anggo ngelingake wong dhek samana lan wong sapungkure zaman semana, lan dadiya piwulang marang wong kang padha bekti ing Allah
وَإِذْ قَالَ مُوسَىٰ لِقَوْمِهِ إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُكُمْ أَنْ تَذْبَحُوا بَقَرَةً ۖ قَالُوا أَتَتَّخِذُنَا هُزُوًا ۖ قَالَ أَعُوذُ بِاللَّهِ أَنْ أَكُونَ مِنَ الْجَاهِلِينَ
Lan (padha elinga) nalika (Nabi) Musa prentah marang para kaume, "Satemene Allah dhawuh marang sira kabeh padha mragada (ambeleha) sapi". para wong mau banjur padha matur, "Punapa panjenengan damel gegunjengan dhateng kula". pangandikaning (Nabi) Musa, "Aku muga-muga nyuwun reksa marang Allah aja nganti klebu ewoning wong kang padha bodho

Choose other languages: