Surah Al-Baqara Ayahs #66 Translated in Jawa
إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَالَّذِينَ هَادُوا وَالنَّصَارَىٰ وَالصَّابِئِينَ مَنْ آمَنَ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ وَعَمِلَ صَالِحًا فَلَهُمْ أَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْ وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ
Satemene wong kang padha percaya ing para Nabi lan para wong Yahudi lan wong Nashara lang wong Shabi’in, kabeh bae sing sapa saiki percaya ing Allah lan percaya anane dina Qiyamat, sarta ngelakoni kelakuan becik, mesth padha tampa ganjarane dhewe-dhewe ana ing ngarsane Pangerane, sarta padha ora kuwatir apa-apa lan padha ora susah
وَإِذْ أَخَذْنَا مِيثَاقَكُمْ وَرَفَعْنَا فَوْقَكُمُ الطُّورَ خُذُوا مَا آتَيْنَاكُمْ بِقُوَّةٍ وَاذْكُرُوا مَا فِيهِ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
Lan (padha elinga) nalikane Ingsun mundhut sesangemanira lang Ingsung nganggo ambedhol gunung, Ingsun ungkulake (unggahake) ana ing dhuwurira, pangandikaningsun, "Samu barang kang wis Ingsun dhawuhake marang sira kabeh padha sendikanana, lakonana kelawan temen-temen, lan padha elinga samubarang kang kamot ing dhawuh mau, supaya sira padha kareksa saka tumindak ala
ثُمَّ تَوَلَّيْتُمْ مِنْ بَعْدِ ذَٰلِكَ ۖ فَلَوْلَا فَضْلُ اللَّهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهُ لَكُنْتُمْ مِنَ الْخَاسِرِينَ
(Sawisa sira padha sanggem) sira nuli padha ambalik saupama ora ana sih nugrahaning Allah kang rumentah marang sira kabeh, mesthi sira padha klebu eweoning wong kang padha kapitunan
وَلَقَدْ عَلِمْتُمُ الَّذِينَ اعْتَدَوْا مِنْكُمْ فِي السَّبْتِ فَقُلْنَا لَهُمْ كُونُوا قِرَدَةً خَاسِئِينَ
Satemene sira padha weruh kancanira kang padha nerak wewates ana ing dina Sabtu, padha Ingsun paringi pangandika, "Sira padha dadiya kethek kang digethingi
فَجَعَلْنَاهَا نَكَالًا لِمَا بَيْنَ يَدَيْهَا وَمَا خَلْفَهَا وَمَوْعِظَةً لِلْمُتَّقِينَ
Ingsun ndadekake siksa kang wis kasebut mau Ingsun anggo ngelingake wong dhek samana lan wong sapungkure zaman semana, lan dadiya piwulang marang wong kang padha bekti ing Allah
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
