Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #70 Translated in Jawa

فَجَعَلْنَاهَا نَكَالًا لِمَا بَيْنَ يَدَيْهَا وَمَا خَلْفَهَا وَمَوْعِظَةً لِلْمُتَّقِينَ
Ingsun ndadekake siksa kang wis kasebut mau Ingsun anggo ngelingake wong dhek samana lan wong sapungkure zaman semana, lan dadiya piwulang marang wong kang padha bekti ing Allah
وَإِذْ قَالَ مُوسَىٰ لِقَوْمِهِ إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُكُمْ أَنْ تَذْبَحُوا بَقَرَةً ۖ قَالُوا أَتَتَّخِذُنَا هُزُوًا ۖ قَالَ أَعُوذُ بِاللَّهِ أَنْ أَكُونَ مِنَ الْجَاهِلِينَ
Lan (padha elinga) nalika (Nabi) Musa prentah marang para kaume, "Satemene Allah dhawuh marang sira kabeh padha mragada (ambeleha) sapi". para wong mau banjur padha matur, "Punapa panjenengan damel gegunjengan dhateng kula". pangandikaning (Nabi) Musa, "Aku muga-muga nyuwun reksa marang Allah aja nganti klebu ewoning wong kang padha bodho
قَالُوا ادْعُ لَنَا رَبَّكَ يُبَيِّنْ لَنَا مَا هِيَ ۚ قَالَ إِنَّهُ يَقُولُ إِنَّهَا بَقَرَةٌ لَا فَارِضٌ وَلَا بِكْرٌ عَوَانٌ بَيْنَ ذَٰلِكَ ۖ فَافْعَلُوا مَا تُؤْمَرُونَ
Para turuning Israil (Bani Israil) nuli padha matur, "Dhuh (nabi) Musa! Panjenengan kula aturi matur dhateng PAngeran Panjenengan, supados maringi keterangan dhumateng kula, lembu wau ingkang kados punapa ?" (Nabi) Musa nuli ngendika, "Dhawuhing Pangeran, sapi mau dudu sapi kang pikun lan dudu sapi kang isih pedhet, goleka sapi kang sedhengan, tengah-tengah antaraning pikun lan pedhet, lan banjur tindakna anggonmu padha diprintahi mau
قَالُوا ادْعُ لَنَا رَبَّكَ يُبَيِّنْ لَنَا مَا لَوْنُهَا ۚ قَالَ إِنَّهُ يَقُولُ إِنَّهَا بَقَرَةٌ صَفْرَاءُ فَاقِعٌ لَوْنُهَا تَسُرُّ النَّاظِرِينَ
Para turuning Israil nuli padha matur maneh, "Dhuh (Nabi) Musa! Panjenengan mugi kerjsa matur malih dhateng PAngeran panjenengan supados paring ketereangan dhumateng kita, lembu wau ingkang ules punapa?", (Nabi) Musa nuli ngendika, "Dhawuhing Pangeran, sapi mau kang ules kuning tur kang mbungahake wong kang padha ndeleng
قَالُوا ادْعُ لَنَا رَبَّكَ يُبَيِّنْ لَنَا مَا هِيَ إِنَّ الْبَقَرَ تَشَابَهَ عَلَيْنَا وَإِنَّا إِنْ شَاءَ اللَّهُ لَمُهْتَدُونَ
Para turuning Israil nuli padha matur maneh, "Dhuh (Nabi) Musa! Panejengan mugi kersa matur malih dhateng Pangeran panjenengan supados paring ketereangan malih dhateng kita, lembu wau punapa ingkang dereng dipun alap damelipun, awit lembu mau tumrapipun ing kita taksih peteng. Menawi kepareng kaliyan kersaning Allah, kita temut sami angsal pitedah

Choose other languages: