Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #40 Translated in Jawa

فَأَزَلَّهُمَا الشَّيْطَانُ عَنْهَا فَأَخْرَجَهُمَا مِمَّا كَانَا فِيهِ ۖ وَقُلْنَا اهْبِطُوا بَعْضُكُمْ لِبَعْضٍ عَدُوٌّ ۖ وَلَكُمْ فِي الْأَرْضِ مُسْتَقَرٌّ وَمَتَاعٌ إِلَىٰ حِينٍ
Syetan nuli mlesedake (Nabi) Adam sagarwane saka ing suwarga, wusana setan mau ngetokake (Nabi) Adam sagarwane saka suwarga kang dienggoni. Ingsun nuli ngendhika, "He Adam! sira padha mudhuna sawenehing turunira bakal sesatron lan sawenehing turuning syetan. Dene sira ana ing bumi duwe panggonan tetep, lan pikantuk kabungahan, nganti tumeka mangsaning pati
فَتَلَقَّىٰ آدَمُ مِنْ رَبِّهِ كَلِمَاتٍ فَتَابَ عَلَيْهِ ۚ إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ
(Nabi) Adam nuli nampa tetambungan (Kalimah) saka wisiking pangerane. Allah nuli nampani taubate (Nabi) Adam. Satemene Allah iku nampeni Taubat lan Maha Asih
قُلْنَا اهْبِطُوا مِنْهَا جَمِيعًا ۖ فَإِمَّا يَأْتِيَنَّكُمْ مِنِّي هُدًى فَمَنْ تَبِعَ هُدَايَ فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ
Ingsun ngendika, "He Adam sira kabeh padha mudhuna saka ing Suwarga, ing tembe yen sira ketekan pituduh mau mesthi padha ora kuwatir apa-apa lan padha ora susah
وَالَّذِينَ كَفَرُوا وَكَذَّبُوا بِآيَاتِنَا أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ النَّارِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ
Dene wong kang padha kafir lan padha nggorohake ayat Ingsun, iku kabeh padha nduweni neraka. Wong mau anggone ana ing neraka padha langgeng
يَا بَنِي إِسْرَائِيلَ اذْكُرُوا نِعْمَتِيَ الَّتِي أَنْعَمْتُ عَلَيْكُمْ وَأَوْفُوا بِعَهْدِي أُوفِ بِعَهْدِكُمْ وَإِيَّايَ فَارْهَبُونِ
He para turuning Israil (Bani Israil) Sira padha elinga peparing Ingsun nikmat marang sira kabeh, lan padha nuhanana janji perintah Ingsun. Ingsun uga nuhani janji kasaguhaningsun marang sira kabeh. Lan padha wediya nyidrani Ingsun

Choose other languages: