Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #43 Translated in Jawa

وَالَّذِينَ كَفَرُوا وَكَذَّبُوا بِآيَاتِنَا أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ النَّارِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ
Dene wong kang padha kafir lan padha nggorohake ayat Ingsun, iku kabeh padha nduweni neraka. Wong mau anggone ana ing neraka padha langgeng
يَا بَنِي إِسْرَائِيلَ اذْكُرُوا نِعْمَتِيَ الَّتِي أَنْعَمْتُ عَلَيْكُمْ وَأَوْفُوا بِعَهْدِي أُوفِ بِعَهْدِكُمْ وَإِيَّايَ فَارْهَبُونِ
He para turuning Israil (Bani Israil) Sira padha elinga peparing Ingsun nikmat marang sira kabeh, lan padha nuhanana janji perintah Ingsun. Ingsun uga nuhani janji kasaguhaningsun marang sira kabeh. Lan padha wediya nyidrani Ingsun
وَآمِنُوا بِمَا أَنْزَلْتُ مُصَدِّقًا لِمَا مَعَكُمْ وَلَا تَكُونُوا أَوَّلَ كَافِرٍ بِهِ ۖ وَلَا تَشْتَرُوا بِآيَاتِي ثَمَنًا قَلِيلًا وَإِيَّايَ فَاتَّقُونِ
Lan saira padha percayaa marang al-Qur’an kang wis Ingsun dhawuhake, dhumunung mbenerake kitab cecekelanira lawas, lan sira aja padha dadi kawitane wong kafir ing al-Qur’an, lan sira aja padha tuku barang kang sithik regane sira bayar kelawan ayatingsung, lan sira bektiya marang Ingsun
وَلَا تَلْبِسُوا الْحَقَّ بِالْبَاطِلِ وَتَكْتُمُوا الْحَقَّ وَأَنْتُمْ تَعْلَمُونَ
Lan sira aja padha nyampur barang-barang kang bener kelawan barang kang ora bener lan aja ngumpetake barang kang bener, sira kabeh iya wis padha weruh
وَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ وَآتُوا الزَّكَاةَ وَارْكَعُوا مَعَ الرَّاكِعِينَ
Lan sira padha nindakna shalat, lan padha mbayar zakat, lan padha ruku’a (shalata) karo wong kang padha ruku’ (wong kang padha shalat) kabeh

Choose other languages: