Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #46 Translated in Jawa

وَلَا تَلْبِسُوا الْحَقَّ بِالْبَاطِلِ وَتَكْتُمُوا الْحَقَّ وَأَنْتُمْ تَعْلَمُونَ
Lan sira aja padha nyampur barang-barang kang bener kelawan barang kang ora bener lan aja ngumpetake barang kang bener, sira kabeh iya wis padha weruh
وَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ وَآتُوا الزَّكَاةَ وَارْكَعُوا مَعَ الرَّاكِعِينَ
Lan sira padha nindakna shalat, lan padha mbayar zakat, lan padha ruku’a (shalata) karo wong kang padha ruku’ (wong kang padha shalat) kabeh
أَتَأْمُرُونَ النَّاسَ بِالْبِرِّ وَتَنْسَوْنَ أَنْفُسَكُمْ وَأَنْتُمْ تَتْلُونَ الْكِتَابَ ۚ أَفَلَا تَعْقِلُونَ
Ya gene sira padha prentah marang para manungsa supaya nglakoni kabecikan, awakira dhewe padha ora nindakake, kang mangka sira padha maca kitab ira. Apa sira padhaora mikir kang mengkono mau iku ora becik
وَاسْتَعِينُوا بِالصَّبْرِ وَالصَّلَاةِ ۚ وَإِنَّهَا لَكَبِيرَةٌ إِلَّا عَلَى الْخَاشِعِينَ
Lan padha nyuwuna pitulung kalawan shabar lan nglakoni shalat. Dene nglakoni Shalat iku dhasar abot, kajaba tumrap wong kang padha khusyu’ (konjem) ing Allah
الَّذِينَ يَظُنُّونَ أَنَّهُمْ مُلَاقُو رَبِّهِمْ وَأَنَّهُمْ إِلَيْهِ رَاجِعُونَ
Iya iku wong kang padha yakin (nyipta) kelawan terang temen padha bakal disowanake ing Pangerane sarta temen bakal padha bali marang pangayunaning Pangerane

Choose other languages: