Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #39 Translated in Jawa

وَقُلْنَا يَا آدَمُ اسْكُنْ أَنْتَ وَزَوْجُكَ الْجَنَّةَ وَكُلَا مِنْهَا رَغَدًا حَيْثُ شِئْتُمَا وَلَا تَقْرَبَا هَٰذِهِ الشَّجَرَةَ فَتَكُونَا مِنَ الظَّالِمِينَ
Ingsun ngendika marang Adam, "Adam! sira lan rabinira padha manggona ing suwarga, lan mangana isinging suwarga sakarepira, lan poma dipoma aja padha cedhak-cedhak wit siji iki. Sira mundhak dadi ewoning wong kang nganiaya (wong duraka)
فَأَزَلَّهُمَا الشَّيْطَانُ عَنْهَا فَأَخْرَجَهُمَا مِمَّا كَانَا فِيهِ ۖ وَقُلْنَا اهْبِطُوا بَعْضُكُمْ لِبَعْضٍ عَدُوٌّ ۖ وَلَكُمْ فِي الْأَرْضِ مُسْتَقَرٌّ وَمَتَاعٌ إِلَىٰ حِينٍ
Syetan nuli mlesedake (Nabi) Adam sagarwane saka ing suwarga, wusana setan mau ngetokake (Nabi) Adam sagarwane saka suwarga kang dienggoni. Ingsun nuli ngendhika, "He Adam! sira padha mudhuna sawenehing turunira bakal sesatron lan sawenehing turuning syetan. Dene sira ana ing bumi duwe panggonan tetep, lan pikantuk kabungahan, nganti tumeka mangsaning pati
فَتَلَقَّىٰ آدَمُ مِنْ رَبِّهِ كَلِمَاتٍ فَتَابَ عَلَيْهِ ۚ إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ
(Nabi) Adam nuli nampa tetambungan (Kalimah) saka wisiking pangerane. Allah nuli nampani taubate (Nabi) Adam. Satemene Allah iku nampeni Taubat lan Maha Asih
قُلْنَا اهْبِطُوا مِنْهَا جَمِيعًا ۖ فَإِمَّا يَأْتِيَنَّكُمْ مِنِّي هُدًى فَمَنْ تَبِعَ هُدَايَ فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ
Ingsun ngendika, "He Adam sira kabeh padha mudhuna saka ing Suwarga, ing tembe yen sira ketekan pituduh mau mesthi padha ora kuwatir apa-apa lan padha ora susah
وَالَّذِينَ كَفَرُوا وَكَذَّبُوا بِآيَاتِنَا أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ النَّارِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ
Dene wong kang padha kafir lan padha nggorohake ayat Ingsun, iku kabeh padha nduweni neraka. Wong mau anggone ana ing neraka padha langgeng

Choose other languages: