Surah Ar-Rad Ayahs #30 Translated in Jawa
اللَّهُ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَشَاءُ وَيَقْدِرُ ۚ وَفَرِحُوا بِالْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا فِي الْآخِرَةِ إِلَّا مَتَاعٌ
Allah iku anjembaraké rijeki tumrap sapa kang dadi kapare- nging karsa-Né sarta nyumpi; lan dhèwèké padha seneng-seneng marang kauripan kadonyan, lan kauripan donya iku katandhing karo kauripan akhirat ora liya kajaba mung kabungahan sawatara mangsa
وَيَقُولُ الَّذِينَ كَفَرُوا لَوْلَا أُنْزِلَ عَلَيْهِ آيَةٌ مِنْ رَبِّهِ ۗ قُلْ إِنَّ اللَّهَ يُضِلُّ مَنْ يَشَاءُ وَيَهْدِي إِلَيْهِ مَنْ أَنَابَ
Lan para kang padha kafir padha acalathu: Yagéné ora ana tandha saka Pangérané katurunaké marang dhèwèké? Calathua: Sayekti, Allah iku anasaraké sapa kang karep, sarta nuntun marang Panjenengané sapa kang bali
الَّذِينَ آمَنُوا وَتَطْمَئِنُّ قُلُوبُهُمْ بِذِكْرِ اللَّهِ ۗ أَلَا بِذِكْرِ اللَّهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوبُ
Para kang padha angèstu sarta kang atiné padha dadi jenjem déning éling maring Allah; o, sayekti, kalawan éling maring Allah ati padha dadi jenjem
الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ طُوبَىٰ لَهُمْ وَحُسْنُ مَآبٍ
Para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik, iku kawusanan becik bagéané sarta bali kang utama
كَذَٰلِكَ أَرْسَلْنَاكَ فِي أُمَّةٍ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهَا أُمَمٌ لِتَتْلُوَ عَلَيْهِمُ الَّذِي أَوْحَيْنَا إِلَيْكَ وَهُمْ يَكْفُرُونَ بِالرَّحْمَٰنِ ۚ قُلْ هُوَ رَبِّي لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ وَإِلَيْهِ مَتَابِ
Kaya mangkono anggon- Ingsun angutus sira ing dalem sawijining umat, ing sadurungé iku temen pira-pira umat wis ke- pungkur, supaya sira amacakaké marang dhèwèké apa kang Ingsun wedharaké marang sira, éwadéné dhèwèké padha angafiri marang Ingsun-Mahamurah. Calathua: Pan- jenengané iku Pangéranku, ora ana sesembahan kajaba Panjenengané; marang Panjenengané sumarahku sarta marang Panjenengané baliku
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
