Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rad Ayahs #29 Translated in Jawa

وَالَّذِينَ يَنْقُضُونَ عَهْدَ اللَّهِ مِنْ بَعْدِ مِيثَاقِهِ وَيَقْطَعُونَ مَا أَمَرَ اللَّهُ بِهِ أَنْ يُوصَلَ وَيُفْسِدُونَ فِي الْأَرْضِ ۙ أُولَٰئِكَ لَهُمُ اللَّعْنَةُ وَلَهُمْ سُوءُ الدَّارِ
Lan para kang padha ngrusak janjining Allah ing sawisé diugeri, sarta medhot apa kang kadhawuh- aké déning Allah supaya disam- bunga, tuwin padha agawé wisuna ing bumi, iki kang bakal padha olèh bagéan bebendu sarta olèh bagéan padunungan kang ala
اللَّهُ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَشَاءُ وَيَقْدِرُ ۚ وَفَرِحُوا بِالْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا فِي الْآخِرَةِ إِلَّا مَتَاعٌ
Allah iku anjembaraké rijeki tumrap sapa kang dadi kapare- nging karsa-Né sarta nyumpi; lan dhèwèké padha seneng-seneng marang kauripan kadonyan, lan kauripan donya iku katandhing karo kauripan akhirat ora liya kajaba mung kabungahan sawatara mangsa
وَيَقُولُ الَّذِينَ كَفَرُوا لَوْلَا أُنْزِلَ عَلَيْهِ آيَةٌ مِنْ رَبِّهِ ۗ قُلْ إِنَّ اللَّهَ يُضِلُّ مَنْ يَشَاءُ وَيَهْدِي إِلَيْهِ مَنْ أَنَابَ
Lan para kang padha kafir padha acalathu: Yagéné ora ana tandha saka Pangérané katurunaké marang dhèwèké? Calathua: Sayekti, Allah iku anasaraké sapa kang karep, sarta nuntun marang Panjenengané sapa kang bali
الَّذِينَ آمَنُوا وَتَطْمَئِنُّ قُلُوبُهُمْ بِذِكْرِ اللَّهِ ۗ أَلَا بِذِكْرِ اللَّهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوبُ
Para kang padha angèstu sarta kang atiné padha dadi jenjem déning éling maring Allah; o, sayekti, kalawan éling maring Allah ati padha dadi jenjem
الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ طُوبَىٰ لَهُمْ وَحُسْنُ مَآبٍ
Para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik, iku kawusanan becik bagéané sarta bali kang utama

Choose other languages: