Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rad Ayahs #31 Translated in Jawa

وَيَقُولُ الَّذِينَ كَفَرُوا لَوْلَا أُنْزِلَ عَلَيْهِ آيَةٌ مِنْ رَبِّهِ ۗ قُلْ إِنَّ اللَّهَ يُضِلُّ مَنْ يَشَاءُ وَيَهْدِي إِلَيْهِ مَنْ أَنَابَ
Lan para kang padha kafir padha acalathu: Yagéné ora ana tandha saka Pangérané katurunaké marang dhèwèké? Calathua: Sayekti, Allah iku anasaraké sapa kang karep, sarta nuntun marang Panjenengané sapa kang bali
الَّذِينَ آمَنُوا وَتَطْمَئِنُّ قُلُوبُهُمْ بِذِكْرِ اللَّهِ ۗ أَلَا بِذِكْرِ اللَّهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوبُ
Para kang padha angèstu sarta kang atiné padha dadi jenjem déning éling maring Allah; o, sayekti, kalawan éling maring Allah ati padha dadi jenjem
الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ طُوبَىٰ لَهُمْ وَحُسْنُ مَآبٍ
Para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik, iku kawusanan becik bagéané sarta bali kang utama
كَذَٰلِكَ أَرْسَلْنَاكَ فِي أُمَّةٍ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهَا أُمَمٌ لِتَتْلُوَ عَلَيْهِمُ الَّذِي أَوْحَيْنَا إِلَيْكَ وَهُمْ يَكْفُرُونَ بِالرَّحْمَٰنِ ۚ قُلْ هُوَ رَبِّي لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ وَإِلَيْهِ مَتَابِ
Kaya mangkono anggon- Ingsun angutus sira ing dalem sawijining umat, ing sadurungé iku temen pira-pira umat wis ke- pungkur, supaya sira amacakaké marang dhèwèké apa kang Ingsun wedharaké marang sira, éwadéné dhèwèké padha angafiri marang Ingsun-Mahamurah. Calathua: Pan- jenengané iku Pangéranku, ora ana sesembahan kajaba Panjenengané; marang Panjenengané sumarahku sarta marang Panjenengané baliku
وَلَوْ أَنَّ قُرْآنًا سُيِّرَتْ بِهِ الْجِبَالُ أَوْ قُطِّعَتْ بِهِ الْأَرْضُ أَوْ كُلِّمَ بِهِ الْمَوْتَىٰ ۗ بَلْ لِلَّهِ الْأَمْرُ جَمِيعًا ۗ أَفَلَمْ يَيْأَسِ الَّذِينَ آمَنُوا أَنْ لَوْ يَشَاءُ اللَّهُ لَهَدَى النَّاسَ جَمِيعًا ۗ وَلَا يَزَالُ الَّذِينَ كَفَرُوا تُصِيبُهُمْ بِمَا صَنَعُوا قَارِعَةٌ أَوْ تَحُلُّ قَرِيبًا مِنْ دَارِهِمْ حَتَّىٰ يَأْتِيَ وَعْدُ اللَّهِ ۚ إِنَّ اللَّهَ لَا يُخْلِفُ الْمِيعَادَ
Lan lamun ta ana sawijining Quran kang kanggo anglakokaké gunung-gunung, utawa kanggo an- jajah bumi utawa kanggo ambi- sakaké caturan wong mati – o, balik paréntah iku ana ing astané Allah kabèh. Apa ta para kang padha angèstu durung sumurup, yèn, manawa Allah angarsakna, amasthi Panjenengané anuntun sa- kèhing manusa? Lan ora bakal lèrèn-lèrèn para kang padha kafir anggoné padha kataman babaya kang anggigirisi amarga saka pang- gawéné, utawa iku bakal tumurun cedhak saka padunungané, nganti tumekané janjining Allah, sa- yekti Allah iku ora bakal anyula- yani janji

Choose other languages: