Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Qasas Ayahs #25 Translated in Jawa

فَخَرَجَ مِنْهَا خَائِفًا يَتَرَقَّبُ ۖ قَالَ رَبِّ نَجِّنِي مِنَ الْقَوْمِ الظَّالِمِينَ
Musa banjur lunga saka ing negara (Mesir), ana ing ndalan tansha kuwatir lan prayitna, lan munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula! kawula nyuwun wilujeng saking piawinipun tiyang kafir ingkang sami nganiaya
وَلَمَّا تَوَجَّهَ تِلْقَاءَ مَدْيَنَ قَالَ عَسَىٰ رَبِّي أَنْ يَهْدِيَنِي سَوَاءَ السَّبِيلِ
Lungane Musa sumedya marang Desa Madya. Musa munjuk marang Allah, "Dhuh Pangeran kawula! Panjenengan mugi paring pitedah margi ingkang leres dhateng kawula
وَلَمَّا وَرَدَ مَاءَ مَدْيَنَ وَجَدَ عَلَيْهِ أُمَّةً مِنَ النَّاسِ يَسْقُونَ وَوَجَدَ مِنْ دُونِهِمُ امْرَأَتَيْنِ تَذُودَانِ ۖ قَالَ مَا خَطْبُكُمَا ۖ قَالَتَا لَا نَسْقِي حَتَّىٰ يُصْدِرَ الرِّعَاءُ ۖ وَأَبُونَا شَيْخٌ كَبِيرٌ
Bareng tindake Musa teka ing sumure wong ing Madyan, ing pinggir sumur kono ana wong akeh padha ngombeni khewane. Liyane wong lanang akeh mau ana bocah wadon loro ora melu ngombeni weduse, Musa banjur pitakon (dangu barang bocah wadon loro mau), "Ya gene sira ora melu ngombeni wedhusmu?" Bocah wadon loro mau banjur mangsuli, "Anggen kita ngombeni menda kita, ngentosi menawa para tiyang jaler punika sampun rampung. Kita lare estri kepeksa ngombeni menda, awit bapa kita sampun sepuh tur pikun
فَسَقَىٰ لَهُمَا ثُمَّ تَوَلَّىٰ إِلَى الظِّلِّ فَقَالَ رَبِّ إِنِّي لِمَا أَنْزَلْتَ إِلَيَّ مِنْ خَيْرٍ فَقِيرٌ
Musa banjur paring pitulungan marang bocah wadon loro mau, wedhuse diombeni (ing sumur mau liyane sachedeka, nanging sumur mau ditutupi watu gedhe, ora kuwat diobahake wong satus, iku dibrengkal dening Musa dhewe). Musa sawise ngombeni wedhus mau, banjur ngeyub ana sangisore kekayon, sarta munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, kawula ngajeng - ngajeng peparing Panjenengan, kathah utawi sekedhik
فَجَاءَتْهُ إِحْدَاهُمَا تَمْشِي عَلَى اسْتِحْيَاءٍ قَالَتْ إِنَّ أَبِي يَدْعُوكَ لِيَجْزِيَكَ أَجْرَ مَا سَقَيْتَ لَنَا ۚ فَلَمَّا جَاءَهُ وَقَصَّ عَلَيْهِ الْقَصَصَ قَالَ لَا تَخَفْ ۖ نَجَوْتَ مِنَ الْقَوْمِ الظَّالِمِينَ
Ora antara suwe bocak wadon loro mau kang siji bali sowan marang Panggonane Musa, (anggone mlaku kudhung klambine semu isin). Matur marang Musa, "Panjenengan dipun aturi bapak kula dhateng griyanipun. Bapak kula badhe males kesaenan panjenengan anggen panjenengan paring pitulungan ngombeni menda kula". (Musa banjur tut wuri bocah wadon mau). Bareng tekan ngomahe, (bapakne aran Nabi Syu’aib), Musa banjur ngandharake lelakone, wiwitan tekan ing pungkasan, (Nabi Syu’aib) banjur paring pitutur, "Sira aja kuwatir Allah mesti paring selamet marang sira saka pialane wong kafir kang nganiaya

Choose other languages: