Surah Al-Qasas Ayahs #28 Translated in Jawa
فَسَقَىٰ لَهُمَا ثُمَّ تَوَلَّىٰ إِلَى الظِّلِّ فَقَالَ رَبِّ إِنِّي لِمَا أَنْزَلْتَ إِلَيَّ مِنْ خَيْرٍ فَقِيرٌ
Musa banjur paring pitulungan marang bocah wadon loro mau, wedhuse diombeni (ing sumur mau liyane sachedeka, nanging sumur mau ditutupi watu gedhe, ora kuwat diobahake wong satus, iku dibrengkal dening Musa dhewe). Musa sawise ngombeni wedhus mau, banjur ngeyub ana sangisore kekayon, sarta munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, kawula ngajeng - ngajeng peparing Panjenengan, kathah utawi sekedhik
فَجَاءَتْهُ إِحْدَاهُمَا تَمْشِي عَلَى اسْتِحْيَاءٍ قَالَتْ إِنَّ أَبِي يَدْعُوكَ لِيَجْزِيَكَ أَجْرَ مَا سَقَيْتَ لَنَا ۚ فَلَمَّا جَاءَهُ وَقَصَّ عَلَيْهِ الْقَصَصَ قَالَ لَا تَخَفْ ۖ نَجَوْتَ مِنَ الْقَوْمِ الظَّالِمِينَ
Ora antara suwe bocak wadon loro mau kang siji bali sowan marang Panggonane Musa, (anggone mlaku kudhung klambine semu isin). Matur marang Musa, "Panjenengan dipun aturi bapak kula dhateng griyanipun. Bapak kula badhe males kesaenan panjenengan anggen panjenengan paring pitulungan ngombeni menda kula". (Musa banjur tut wuri bocah wadon mau). Bareng tekan ngomahe, (bapakne aran Nabi Syu’aib), Musa banjur ngandharake lelakone, wiwitan tekan ing pungkasan, (Nabi Syu’aib) banjur paring pitutur, "Sira aja kuwatir Allah mesti paring selamet marang sira saka pialane wong kafir kang nganiaya
قَالَتْ إِحْدَاهُمَا يَا أَبَتِ اسْتَأْجِرْهُ ۖ إِنَّ خَيْرَ مَنِ اسْتَأْجَرْتَ الْقَوِيُّ الْأَمِينُ
Bocah wadon loro mau kang siji matur marang bapakne, "Dhuh Bapak! Musa punika mugi panjenengan dadosaken rencang kemawon, awit punika prayogi, gagah prakosa tur mitadosi
قَالَ إِنِّي أُرِيدُ أَنْ أُنْكِحَكَ إِحْدَى ابْنَتَيَّ هَاتَيْنِ عَلَىٰ أَنْ تَأْجُرَنِي ثَمَانِيَ حِجَجٍ ۖ فَإِنْ أَتْمَمْتَ عَشْرًا فَمِنْ عِنْدِكَ ۖ وَمَا أُرِيدُ أَنْ أَشُقَّ عَلَيْكَ ۚ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّالِحِينَ
(Nabi Syu’aib) mituturi marang Musa, "He Musa, putraningsun loro iki salah siji bakal ingsun dhaupake karo sira, nanging kanthi janji sira kudu dadi rencang kulo dhisik, lawase wolung tahun, dene menawa sira gelem nutugake nganti sepuluh tahun saka kerepira dhewe, iya banget panarimaningsun. Ingsun ora neja gawe rekasanira, marata lakonana. Menawa diparengake dening Allah ing tembe bakal sumurup becik kedadeyane, tunggal paratulus
قَالَ ذَٰلِكَ بَيْنِي وَبَيْنَكَ ۖ أَيَّمَا الْأَجَلَيْنِ قَضَيْتُ فَلَا عُدْوَانَ عَلَيَّ ۖ وَاللَّهُ عَلَىٰ مَا نَقُولُ وَكِيلٌ
Musa matur mangsuli, "Makaten punika perjanjian panjenengan kaliyan kula. Wondene wewangen panjenengan kalih warni, (wolung tahun kaliyan sedaa tahun) wau salah satunggalipun kula boten badhe awrat anglampahi. Allah ingkang nguningani kesagahan kula punika
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
