Surah Al-Maeda Ayahs #94 Translated in Jawa
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنَّمَا الْخَمْرُ وَالْمَيْسِرُ وَالْأَنْصَابُ وَالْأَزْلَامُ رِجْسٌ مِنْ عَمَلِ الشَّيْطَانِ فَاجْتَنِبُوهُ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
É, para kang padha angèstu! sajeng lan ngabotohanb lan watu kang padha ditata ngadegc sarta panah d iku ora liya lelethek panggawéning sétan, mulané sira dohana, supaya sira padha begja
إِنَّمَا يُرِيدُ الشَّيْطَانُ أَنْ يُوقِعَ بَيْنَكُمُ الْعَدَاوَةَ وَالْبَغْضَاءَ فِي الْخَمْرِ وَالْمَيْسِرِ وَيَصُدَّكُمْ عَنْ ذِكْرِ اللَّهِ وَعَنِ الصَّلَاةِ ۖ فَهَلْ أَنْتُمْ مُنْتَهُونَ
Sétan iku mung ngarah arep nukulaké mumungsuhan lan gege- thingan ing antaranira asarana sa- jeng lan ngabotohan, sarta anyegah sira saka éling maring Allah tuwin saka ing salat; lah apa ta sira arep padha marèni
وَأَطِيعُوا اللَّهَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ وَاحْذَرُوا ۚ فَإِنْ تَوَلَّيْتُمْ فَاعْلَمُوا أَنَّمَا عَلَىٰ رَسُولِنَا الْبَلَاغُ الْمُبِينُ
Lan padha ambangun-turuta maring Allah sarta padha am- bangun-turuta marang Utusan lan padha di ngati-ati; ananging mana- wa sira padha mléngos, lah padha sira weruha, manawa sasanggané Utusan-Ingsun iku mung ane- kakaké kalawan terang
لَيْسَ عَلَى الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ جُنَاحٌ فِيمَا طَعِمُوا إِذَا مَا اتَّقَوْا وَآمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ ثُمَّ اتَّقَوْا وَآمَنُوا ثُمَّ اتَّقَوْا وَأَحْسَنُوا ۗ وَاللَّهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِينَ
Ingatasé para kang padha angèstu lan anglakoni panggawé becik, ora pisan ana cacadé ing sajroné barang kang kapangan, manawa padha ngati-ati sarta padha angèstu tuwin padha anglakoni panggawé becik, tumuli padha ngati-ati sarta padha agawé becik ; lan Allah iku remen marang para kang padha agawé becik
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَيَبْلُوَنَّكُمُ اللَّهُ بِشَيْءٍ مِنَ الصَّيْدِ تَنَالُهُ أَيْدِيكُمْ وَرِمَاحُكُمْ لِيَعْلَمَ اللَّهُ مَنْ يَخَافُهُ بِالْغَيْبِ ۚ فَمَنِ اعْتَدَىٰ بَعْدَ ذَٰلِكَ فَلَهُ عَذَابٌ أَلِيمٌ
É, para kang padha angèstu, yekti Allah bakal anyoba ing sira tumrap sawenèhing buburon, kang bisa kacekel déning tangan- tanganira lan towokira, supaya Allah anguningani sapa sing wedi marang Panjenengané ana ing pasepèn; mulané, sapa sing anerak wates sawusé mangkéné iki, iya bakal olèh bagéan siksa kang nglarani
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
