Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #211 Translated in Jawa

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَشْرِي نَفْسَهُ ابْتِغَاءَ مَرْضَاتِ اللَّهِ ۗ وَاللَّهُ رَءُوفٌ بِالْعِبَادِ
Lan sawenehing manungsa ana kang ngedol awake, karana golek karidhaning Allah, Dene Allah iku Maha Welas marang kawulane
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا ادْخُلُوا فِي السِّلْمِ كَافَّةً وَلَا تَتَّبِعُوا خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ ۚ إِنَّهُ لَكُمْ عَدُوٌّ مُبِينٌ
He para wong mukmin, sira padha mlebua ana aing agam Islam, ngestokna sabarang pernatane kabeh, lan aja manut dedalane syetan. Satemene syetan iku tetela dadi saterunira
فَإِنْ زَلَلْتُمْ مِنْ بَعْدِ مَا جَاءَتْكُمُ الْبَيِّنَاتُ فَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ عَزِيزٌ حَكِيمٌ
LAn sawise sira padha katekan tandha yekti akeh, manawa sira padha mlengos, sira padha sumurupa, manawa ALlah iku Maha Gagas sarta Wicaksana
هَلْ يَنْظُرُونَ إِلَّا أَنْ يَأْتِيَهُمُ اللَّهُ فِي ظُلَلٍ مِنَ الْغَمَامِ وَالْمَلَائِكَةُ وَقُضِيَ الْأَمْرُ ۚ وَإِلَى اللَّهِ تُرْجَعُ الْأُمُورُ
Ora liya kajaba mung padha ngadhang-ngadhang, Allah lan para Malaikate bakal nekakake siksa ana ing eyubing mendhung, sarta prakara iku (wis) dirampungi. Lan marang Allah anggone dibalekake sakehing prakara
سَلْ بَنِي إِسْرَائِيلَ كَمْ آتَيْنَاهُمْ مِنْ آيَةٍ بَيِّنَةٍ ۗ وَمَنْ يُبَدِّلْ نِعْمَةَ اللَّهِ مِنْ بَعْدِ مَا جَاءَتْهُ فَإِنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ
Sira ndangua marang para turuning Israil: "Wis pira akehing ayat tandha yekti kang wis Ingsun tekakake marang para wong mau? sawise katekan tandha yekti, sing sapa nyalini nikmating Allah (Milih kafir) iku sumurupa yen Allah iku banget panyiksane

Choose other languages: