Surah Al-Baqara Ayahs #212 Translated in Jawa
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا ادْخُلُوا فِي السِّلْمِ كَافَّةً وَلَا تَتَّبِعُوا خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ ۚ إِنَّهُ لَكُمْ عَدُوٌّ مُبِينٌ
He para wong mukmin, sira padha mlebua ana aing agam Islam, ngestokna sabarang pernatane kabeh, lan aja manut dedalane syetan. Satemene syetan iku tetela dadi saterunira
فَإِنْ زَلَلْتُمْ مِنْ بَعْدِ مَا جَاءَتْكُمُ الْبَيِّنَاتُ فَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ عَزِيزٌ حَكِيمٌ
LAn sawise sira padha katekan tandha yekti akeh, manawa sira padha mlengos, sira padha sumurupa, manawa ALlah iku Maha Gagas sarta Wicaksana
هَلْ يَنْظُرُونَ إِلَّا أَنْ يَأْتِيَهُمُ اللَّهُ فِي ظُلَلٍ مِنَ الْغَمَامِ وَالْمَلَائِكَةُ وَقُضِيَ الْأَمْرُ ۚ وَإِلَى اللَّهِ تُرْجَعُ الْأُمُورُ
Ora liya kajaba mung padha ngadhang-ngadhang, Allah lan para Malaikate bakal nekakake siksa ana ing eyubing mendhung, sarta prakara iku (wis) dirampungi. Lan marang Allah anggone dibalekake sakehing prakara
سَلْ بَنِي إِسْرَائِيلَ كَمْ آتَيْنَاهُمْ مِنْ آيَةٍ بَيِّنَةٍ ۗ وَمَنْ يُبَدِّلْ نِعْمَةَ اللَّهِ مِنْ بَعْدِ مَا جَاءَتْهُ فَإِنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ
Sira ndangua marang para turuning Israil: "Wis pira akehing ayat tandha yekti kang wis Ingsun tekakake marang para wong mau? sawise katekan tandha yekti, sing sapa nyalini nikmating Allah (Milih kafir) iku sumurupa yen Allah iku banget panyiksane
زُيِّنَ لِلَّذِينَ كَفَرُوا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا وَيَسْخَرُونَ مِنَ الَّذِينَ آمَنُوا ۘ وَالَّذِينَ اتَّقَوْا فَوْقَهُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۗ وَاللَّهُ يَرْزُقُ مَنْ يَشَاءُ بِغَيْرِ حِسَابٍ
Wong kafir padha diiming-imingi (dipaes-paesi) panguripan (kebungahan) donya lan mbanjur padha nggeguyu marang wong-wong Mukmin. Dene wong kang padha bekti ing Allah, besuk dina qiyamat padha ana ing dhuwure wong kafir mau. Allah iku paring rezeki marang wong kang dikersakake tanpa petungan
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
