Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nur Ayahs #54 Translated in Jawa

أَفِي قُلُوبِهِمْ مَرَضٌ أَمِ ارْتَابُوا أَمْ يَخَافُونَ أَنْ يَحِيفَ اللَّهُ عَلَيْهِمْ وَرَسُولُهُ ۚ بَلْ أُولَٰئِكَ هُمُ الظَّالِمُونَ
Apa atine wong kang mengkono mau ana lelarane, utawa padha mamang - mamang menawa Rasul iku utusaningsun temenan, utawa padha kuatir menawa Pangadilane Allah lan utusane ora sakbenere (ora mengkono) balik wong - wong kang munafik iku wong kang nganiaya marang awake dhewe
إِنَّمَا كَانَ قَوْلَ الْمُؤْمِنِينَ إِذَا دُعُوا إِلَى اللَّهِ وَرَسُولِهِ لِيَحْكُمَ بَيْنَهُمْ أَنْ يَقُولُوا سَمِعْنَا وَأَطَعْنَا ۚ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ
Saktemene para wong mu’min iku menawa ditimbali marang ngersane, "Kita sami sendika nampi pengadilane Allah tuwin Rasul". Debe wibg - wong mukmin iku wong kang pikantuk kabegjan
وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ وَيَخْشَ اللَّهَ وَيَتَّقْهِ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْفَائِزُونَ
Lan sing sapa ngestokake prentahe Allah lan Rasule sarta wedi ing Allah lan Rasule sarta wedi ing Allah lan bekti marang panjenengane iya wong - wong kang mengkono iku wong kang pikantuk kebegjan (slamet saka siksane Allah)
وَأَقْسَمُوا بِاللَّهِ جَهْدَ أَيْمَانِهِمْ لَئِنْ أَمَرْتَهُمْ لَيَخْرُجُنَّ ۖ قُلْ لَا تُقْسِمُوا ۖ طَاعَةٌ مَعْرُوفَةٌ ۚ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
Lan wong - wong munafiq padha supata methentheng, nganggo nyebut Asmane Allah. Menawa sira prentah mangsah (maju) perang saguh padha metu perang. (Muhammad) sira dhawuha, "SIra aja pethenthengan supata, dhawuhing ALlah, sira mung dikersakake ngestokake prentah, iuk luwih becik tinimbang supta kang ora sira tuhoni". Saktemene Allah iku maha waspada mrang kabeh barang kang sira tindakake
قُلْ أَطِيعُوا اللَّهَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ ۖ فَإِنْ تَوَلَّوْا فَإِنَّمَا عَلَيْهِ مَا حُمِّلَ وَعَلَيْكُمْ مَا حُمِّلْتُمْ ۖ وَإِنْ تُطِيعُوهُ تَهْتَدُوا ۚ وَمَا عَلَى الرَّسُولِ إِلَّا الْبَلَاغُ الْمُبِينُ
(Muhammad) sira dhawuha, "Sira padha ngestokake dhawuhe Allah lan marang para Rasul". Dene menawa wong munafik padh mlengos, iku ora dadi apa. Wajibe Rasul ora liya mung nglakoi prentahe Allah. Dene wajibira kudu ngestokake dhawuhe Allah. Menawa sira padha nderek prentahe Allah lan Rasul mesthi pikantuk pituduh kang bener. Dene Rasul ora diwajibake apa - apa kejaba mung dhawuhake prentah lan nerang-nerangake

Choose other languages: