Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nur Ayahs #53 Translated in Jawa

وَإِنْ يَكُنْ لَهُمُ الْحَقُّ يَأْتُوا إِلَيْهِ مُذْعِنِينَ
Nanging menawa wong - wong munafik ngira yen bakal pikantuk kemenangan, banjur padha rerikatan sowan ing Rasul nyuwun diparingi putusan
أَفِي قُلُوبِهِمْ مَرَضٌ أَمِ ارْتَابُوا أَمْ يَخَافُونَ أَنْ يَحِيفَ اللَّهُ عَلَيْهِمْ وَرَسُولُهُ ۚ بَلْ أُولَٰئِكَ هُمُ الظَّالِمُونَ
Apa atine wong kang mengkono mau ana lelarane, utawa padha mamang - mamang menawa Rasul iku utusaningsun temenan, utawa padha kuatir menawa Pangadilane Allah lan utusane ora sakbenere (ora mengkono) balik wong - wong kang munafik iku wong kang nganiaya marang awake dhewe
إِنَّمَا كَانَ قَوْلَ الْمُؤْمِنِينَ إِذَا دُعُوا إِلَى اللَّهِ وَرَسُولِهِ لِيَحْكُمَ بَيْنَهُمْ أَنْ يَقُولُوا سَمِعْنَا وَأَطَعْنَا ۚ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ
Saktemene para wong mu’min iku menawa ditimbali marang ngersane, "Kita sami sendika nampi pengadilane Allah tuwin Rasul". Debe wibg - wong mukmin iku wong kang pikantuk kabegjan
وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ وَيَخْشَ اللَّهَ وَيَتَّقْهِ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْفَائِزُونَ
Lan sing sapa ngestokake prentahe Allah lan Rasule sarta wedi ing Allah lan Rasule sarta wedi ing Allah lan bekti marang panjenengane iya wong - wong kang mengkono iku wong kang pikantuk kebegjan (slamet saka siksane Allah)
وَأَقْسَمُوا بِاللَّهِ جَهْدَ أَيْمَانِهِمْ لَئِنْ أَمَرْتَهُمْ لَيَخْرُجُنَّ ۖ قُلْ لَا تُقْسِمُوا ۖ طَاعَةٌ مَعْرُوفَةٌ ۚ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
Lan wong - wong munafiq padha supata methentheng, nganggo nyebut Asmane Allah. Menawa sira prentah mangsah (maju) perang saguh padha metu perang. (Muhammad) sira dhawuha, "SIra aja pethenthengan supata, dhawuhing ALlah, sira mung dikersakake ngestokake prentah, iuk luwih becik tinimbang supta kang ora sira tuhoni". Saktemene Allah iku maha waspada mrang kabeh barang kang sira tindakake

Choose other languages: