Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nur Ayahs #57 Translated in Jawa

وَأَقْسَمُوا بِاللَّهِ جَهْدَ أَيْمَانِهِمْ لَئِنْ أَمَرْتَهُمْ لَيَخْرُجُنَّ ۖ قُلْ لَا تُقْسِمُوا ۖ طَاعَةٌ مَعْرُوفَةٌ ۚ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
Lan wong - wong munafiq padha supata methentheng, nganggo nyebut Asmane Allah. Menawa sira prentah mangsah (maju) perang saguh padha metu perang. (Muhammad) sira dhawuha, "SIra aja pethenthengan supata, dhawuhing ALlah, sira mung dikersakake ngestokake prentah, iuk luwih becik tinimbang supta kang ora sira tuhoni". Saktemene Allah iku maha waspada mrang kabeh barang kang sira tindakake
قُلْ أَطِيعُوا اللَّهَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ ۖ فَإِنْ تَوَلَّوْا فَإِنَّمَا عَلَيْهِ مَا حُمِّلَ وَعَلَيْكُمْ مَا حُمِّلْتُمْ ۖ وَإِنْ تُطِيعُوهُ تَهْتَدُوا ۚ وَمَا عَلَى الرَّسُولِ إِلَّا الْبَلَاغُ الْمُبِينُ
(Muhammad) sira dhawuha, "Sira padha ngestokake dhawuhe Allah lan marang para Rasul". Dene menawa wong munafik padh mlengos, iku ora dadi apa. Wajibe Rasul ora liya mung nglakoi prentahe Allah. Dene wajibira kudu ngestokake dhawuhe Allah. Menawa sira padha nderek prentahe Allah lan Rasul mesthi pikantuk pituduh kang bener. Dene Rasul ora diwajibake apa - apa kejaba mung dhawuhake prentah lan nerang-nerangake
وَعَدَ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ لَيَسْتَخْلِفَنَّهُمْ فِي الْأَرْضِ كَمَا اسْتَخْلَفَ الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ وَلَيُمَكِّنَنَّ لَهُمْ دِينَهُمُ الَّذِي ارْتَضَىٰ لَهُمْ وَلَيُبَدِّلَنَّهُمْ مِنْ بَعْدِ خَوْفِهِمْ أَمْنًا ۚ يَعْبُدُونَنِي لَا يُشْرِكُونَ بِي شَيْئًا ۚ وَمَنْ كَفَرَ بَعْدَ ذَٰلِكَ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْفَاسِقُونَ
Panjenengane ALlah wis paring janji marang wong - wong mu’min saka sira kabeh lan sarta padha nglakoni penggawe becik bakal padha dikersakake angenteni para wong kafir manggon ana ing bumi (wong kafir padha keplayu anggone perang) kaya wong - wong mu’min sak durungira, anggone padha nggenteni wong kafir kang dirusak dening Allah. Sarta Allab bakal nglulusake adeke agama Islam agamane wong mu’min kang wis dadai keparenge Allah. Apa dene sakwise nandhang kuwatir sawatara kuwatir mau bakal diganti katentreman. (pangandikane Allah), "Wong mu’min mau padha manembah ing Ingsun tanpa musyrik marang sapa -sapa. Sakwise ana dhawuh iki, sing sapa kafir marang peparinge Allah iku tetep wong kang durhaka
وَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ وَآتُوا الزَّكَاةَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ
(Lan sira dhawuha), "Sira padha nyempurnakna sholat lan padha bayara zakat, apa dene ndhereka mrang Rasul supaya sira pikantuk rahmate Allah
لَا تَحْسَبَنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا مُعْجِزِينَ فِي الْأَرْضِ ۚ وَمَأْوَاهُمُ النَّارُ ۖ وَلَبِئْسَ الْمَصِيرُ
Sira aja sepisan - pisan duwe pangira menawa wong - wong kafir iku luput saka siksa ana ing bumi bakal panggonane wong kafir iku ana ing neraka, ala temen kawusanan kang mengkono iku

Choose other languages: