Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #40 Translated in Jawa

وَلَقَدْ بَعَثْنَا فِي كُلِّ أُمَّةٍ رَسُولًا أَنِ اعْبُدُوا اللَّهَ وَاجْتَنِبُوا الطَّاغُوتَ ۖ فَمِنْهُمْ مَنْ هَدَى اللَّهُ وَمِنْهُمْ مَنْ حَقَّتْ عَلَيْهِ الضَّلَالَةُ ۚ فَسِيرُوا فِي الْأَرْضِ فَانْظُرُوا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُكَذِّبِينَ
Lan temen, ing siji-sijining umat Ingsun wus anjumenengaké sawijining utusan, calathuné:a Padha angawulanana Allah sarta angedohana sétan. Banjur dhèwèké ana kang olèh tuntunaning Allah lan ana kang sasar tumiba marang dhèwèké; mulané padha lalakua ana ing bumi; lah padha delengen, kapriyé kawusanané para wong kang padha anggorohaké
إِنْ تَحْرِصْ عَلَىٰ هُدَاهُمْ فَإِنَّ اللَّهَ لَا يَهْدِي مَنْ يُضِلُّ ۖ وَمَا لَهُمْ مِنْ نَاصِرِينَ
Lamun sira angudi kumudu dhèwèké padha olèha pituduh, lah sayekti Allah iku ora aparing pituduh sapa-sapa kang anasaraké , sarta dhèwèké ora bakal padha olèh pitulung
وَأَقْسَمُوا بِاللَّهِ جَهْدَ أَيْمَانِهِمْ ۙ لَا يَبْعَثُ اللَّهُ مَنْ يَمُوتُ ۚ بَلَىٰ وَعْدًا عَلَيْهِ حَقًّا وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ
Lan dhèwèké padha sumpah kalawan asarana keras-kerasing sumpahé: Ora bakal Allah anangèkaké sapa sing wis mati. O, la, iya, ! iku sawijining janji, tetep atas Panje- nengané, nyata temenan, ananging akèh-akèhé manusa padha ora weruh
لِيُبَيِّنَ لَهُمُ الَّذِي يَخْتَلِفُونَ فِيهِ وَلِيَعْلَمَ الَّذِينَ كَفَرُوا أَنَّهُمْ كَانُوا كَاذِبِينَ
Supaya Panjenengané ane- rangaké marang dhèwèké, kang ing kono dhèwèké padha sulaya, sarta supaya para kang padha kafir padha weruh, manawa awaké iku padha wong goroh
إِنَّمَا قَوْلُنَا لِشَيْءٍ إِذَا أَرَدْنَاهُ أَنْ نَقُولَ لَهُ كُنْ فَيَكُونُ
Sabda-Ningsun marang sawi- ji-wiji, kalané Ingsun angarsakaké iku, iku cukup mung yèn Ingsun sabdakaké: Anaa, banjur ana

Choose other languages: