Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #43 Translated in Jawa

لِيُبَيِّنَ لَهُمُ الَّذِي يَخْتَلِفُونَ فِيهِ وَلِيَعْلَمَ الَّذِينَ كَفَرُوا أَنَّهُمْ كَانُوا كَاذِبِينَ
Supaya Panjenengané ane- rangaké marang dhèwèké, kang ing kono dhèwèké padha sulaya, sarta supaya para kang padha kafir padha weruh, manawa awaké iku padha wong goroh
إِنَّمَا قَوْلُنَا لِشَيْءٍ إِذَا أَرَدْنَاهُ أَنْ نَقُولَ لَهُ كُنْ فَيَكُونُ
Sabda-Ningsun marang sawi- ji-wiji, kalané Ingsun angarsakaké iku, iku cukup mung yèn Ingsun sabdakaké: Anaa, banjur ana
وَالَّذِينَ هَاجَرُوا فِي اللَّهِ مِنْ بَعْدِ مَا ظُلِمُوا لَنُبَوِّئَنَّهُمْ فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً ۖ وَلَأَجْرُ الْآخِرَةِ أَكْبَرُ ۚ لَوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ
Lan para kang padha ngili karana Allah ing sawisé kinaniaya, temen bakal Ingsun paringi padu- nungan kang becik ana ing donya, sarta pituwasé ing akhirat temen luwih gedhé: yèn ta padha we- ruha
الَّذِينَ صَبَرُوا وَعَلَىٰ رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُونَ
Para kang padha sabar sarta marang Pangérané padha sumarah
وَمَا أَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ إِلَّا رِجَالًا نُوحِي إِلَيْهِمْ ۚ فَاسْأَلُوا أَهْلَ الذِّكْرِ إِنْ كُنْتُمْ لَا تَعْلَمُونَ
Lan Ingsun ora angutus ing sadurungira, kajaba para wong lanang, kang padha Ingsun wedhari sabda – mulané padha takona para pandhèrèking Pépéling, manawa sira padha ora weruh –

Choose other languages: