Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #100 Translated in Jawa

أُحِلَّ لَكُمْ صَيْدُ الْبَحْرِ وَطَعَامُهُ مَتَاعًا لَكُمْ وَلِلسَّيَّارَةِ ۖ وَحُرِّمَ عَلَيْكُمْ صَيْدُ الْبَرِّ مَا دُمْتُمْ حُرُمًا ۗ وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي إِلَيْهِ تُحْشَرُونَ
Dikenakaké tumrapé sira buroné sagara sarta pangané, minangka pangan tumrap ing sira sarta tumrap para lalaku, lan dilarangi ingatasé sira buroning dharatan sasuwéné sira anglakoni haji, lan padha di bekti maring Allah, kang sira iku bakal padha ingimpun marang Panjenengané
جَعَلَ اللَّهُ الْكَعْبَةَ الْبَيْتَ الْحَرَامَ قِيَامًا لِلنَّاسِ وَالشَّهْرَ الْحَرَامَ وَالْهَدْيَ وَالْقَلَائِدَ ۚ ذَٰلِكَ لِتَعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ يَعْلَمُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ وَأَنَّ اللَّهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ
Allah wus andadèkaké Ka’- bah, Padaleman Suci, dadi minangka pikuwat tumrap para manusa apa déné sasi suci sarta atur-atur tuwin babanten kang linungsir-lungsir;a mangkéné iki supaya sira padha weruha, yèn Allah iku anguningani sabarang kang ana ing langit-langit lan sabarang kang ana ing bumi, lan yèn Allah iku Ingkang-Mahawikan ing samubarang
اعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ وَأَنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Padha weruha, yèn Allah iku abanget piwalesé , sarta yèn Allah iku Aparamarta, Mahaasih
مَا عَلَى الرَّسُولِ إِلَّا الْبَلَاغُ ۗ وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَا تُبْدُونَ وَمَا تَكْتُمُونَ
Sasangganing Utusan iku ora liya kajaba anekakaké , lan Allah iku anguningani apa kang padha sira wedhar lan apa kang padha sira singidaké
قُلْ لَا يَسْتَوِي الْخَبِيثُ وَالطَّيِّبُ وَلَوْ أَعْجَبَكَ كَثْرَةُ الْخَبِيثِ ۚ فَاتَّقُوا اللَّهَ يَا أُولِي الْأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
Calathua: Ora padha barang ala karo barang becik iku sanajan ta anggumunaké marang sira kèhé barang ala iku; mulané padha di bekti maring Allah, é, para kang ana akalé, supaya sira padha begja

Choose other languages: