Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #99 Translated in Jawa

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَقْتُلُوا الصَّيْدَ وَأَنْتُمْ حُرُمٌ ۚ وَمَنْ قَتَلَهُ مِنْكُمْ مُتَعَمِّدًا فَجَزَاءٌ مِثْلُ مَا قَتَلَ مِنَ النَّعَمِ يَحْكُمُ بِهِ ذَوَا عَدْلٍ مِنْكُمْ هَدْيًا بَالِغَ الْكَعْبَةِ أَوْ كَفَّارَةٌ طَعَامُ مَسَاكِينَ أَوْ عَدْلُ ذَٰلِكَ صِيَامًا لِيَذُوقَ وَبَالَ أَمْرِهِ ۗ عَفَا اللَّهُ عَمَّا سَلَفَ ۚ وَمَنْ عَادَ فَيَنْتَقِمُ اللَّهُ مِنْهُ ۗ وَاللَّهُ عَزِيزٌ ذُو انْتِقَامٍ
É, para kang padha angèstu! aja padha matèni buburon sajroné sira isih nglakoni haji, lan sira, sapa sing amatèni kalawan jaragan, lah wawalesé kéwan ingon sa- timbangé apa kang wis dipatèni, miturut anggoné ambebeneri golo- nganira wong loro kang padha ngadil, minangka atur-atur tinekak- aké ing Ka’bah, utawa, tebusané, awèh pangan marang wong-wong miskin, utawa puwasa satimbangé iki, supaya dhèwèké angrasakna ora beciking kadadéaning pang- gawéné; Allah angapura apa kang wis kapungkur; lan sapa sing angambali manèh, Allah bakal ani- bakaké wawales marang dhèwèké; lan Allah iku Minulya, Gustining Wawales
أُحِلَّ لَكُمْ صَيْدُ الْبَحْرِ وَطَعَامُهُ مَتَاعًا لَكُمْ وَلِلسَّيَّارَةِ ۖ وَحُرِّمَ عَلَيْكُمْ صَيْدُ الْبَرِّ مَا دُمْتُمْ حُرُمًا ۗ وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي إِلَيْهِ تُحْشَرُونَ
Dikenakaké tumrapé sira buroné sagara sarta pangané, minangka pangan tumrap ing sira sarta tumrap para lalaku, lan dilarangi ingatasé sira buroning dharatan sasuwéné sira anglakoni haji, lan padha di bekti maring Allah, kang sira iku bakal padha ingimpun marang Panjenengané
جَعَلَ اللَّهُ الْكَعْبَةَ الْبَيْتَ الْحَرَامَ قِيَامًا لِلنَّاسِ وَالشَّهْرَ الْحَرَامَ وَالْهَدْيَ وَالْقَلَائِدَ ۚ ذَٰلِكَ لِتَعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ يَعْلَمُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ وَأَنَّ اللَّهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ
Allah wus andadèkaké Ka’- bah, Padaleman Suci, dadi minangka pikuwat tumrap para manusa apa déné sasi suci sarta atur-atur tuwin babanten kang linungsir-lungsir;a mangkéné iki supaya sira padha weruha, yèn Allah iku anguningani sabarang kang ana ing langit-langit lan sabarang kang ana ing bumi, lan yèn Allah iku Ingkang-Mahawikan ing samubarang
اعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ وَأَنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Padha weruha, yèn Allah iku abanget piwalesé , sarta yèn Allah iku Aparamarta, Mahaasih
مَا عَلَى الرَّسُولِ إِلَّا الْبَلَاغُ ۗ وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَا تُبْدُونَ وَمَا تَكْتُمُونَ
Sasangganing Utusan iku ora liya kajaba anekakaké , lan Allah iku anguningani apa kang padha sira wedhar lan apa kang padha sira singidaké

Choose other languages: