Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #102 Translated in Jawa

اعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ وَأَنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Padha weruha, yèn Allah iku abanget piwalesé , sarta yèn Allah iku Aparamarta, Mahaasih
مَا عَلَى الرَّسُولِ إِلَّا الْبَلَاغُ ۗ وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَا تُبْدُونَ وَمَا تَكْتُمُونَ
Sasangganing Utusan iku ora liya kajaba anekakaké , lan Allah iku anguningani apa kang padha sira wedhar lan apa kang padha sira singidaké
قُلْ لَا يَسْتَوِي الْخَبِيثُ وَالطَّيِّبُ وَلَوْ أَعْجَبَكَ كَثْرَةُ الْخَبِيثِ ۚ فَاتَّقُوا اللَّهَ يَا أُولِي الْأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
Calathua: Ora padha barang ala karo barang becik iku sanajan ta anggumunaké marang sira kèhé barang ala iku; mulané padha di bekti maring Allah, é, para kang ana akalé, supaya sira padha begja
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَسْأَلُوا عَنْ أَشْيَاءَ إِنْ تُبْدَ لَكُمْ تَسُؤْكُمْ وَإِنْ تَسْأَلُوا عَنْهَا حِينَ يُنَزَّلُ الْقُرْآنُ تُبْدَ لَكُمْ عَفَا اللَّهُ عَنْهَا ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ حَلِيمٌ
É, para kang padha angèstu! aja padha atatakon barang-barang, kang manawa diwedharaké marang sira, bakal anusahaké sira, lan ma- nawa iku padha sira takokaké na- likané Quran didhawuhaké, bakal diwedharaké marang sira; Allah angapura prakara iki, lan Allah iku Aparamarta, Momot
قَدْ سَأَلَهَا قَوْمٌ مِنْ قَبْلِكُمْ ثُمَّ أَصْبَحُوا بِهَا كَافِرِينَ
Wong-wong ing saduru- ngira temen padha takon prakara iku, tumuli padha dadi kafir amar- ga saka prakara iku

Choose other languages: