Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #104 Translated in Jawa

قُلْ لَا يَسْتَوِي الْخَبِيثُ وَالطَّيِّبُ وَلَوْ أَعْجَبَكَ كَثْرَةُ الْخَبِيثِ ۚ فَاتَّقُوا اللَّهَ يَا أُولِي الْأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
Calathua: Ora padha barang ala karo barang becik iku sanajan ta anggumunaké marang sira kèhé barang ala iku; mulané padha di bekti maring Allah, é, para kang ana akalé, supaya sira padha begja
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَسْأَلُوا عَنْ أَشْيَاءَ إِنْ تُبْدَ لَكُمْ تَسُؤْكُمْ وَإِنْ تَسْأَلُوا عَنْهَا حِينَ يُنَزَّلُ الْقُرْآنُ تُبْدَ لَكُمْ عَفَا اللَّهُ عَنْهَا ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ حَلِيمٌ
É, para kang padha angèstu! aja padha atatakon barang-barang, kang manawa diwedharaké marang sira, bakal anusahaké sira, lan ma- nawa iku padha sira takokaké na- likané Quran didhawuhaké, bakal diwedharaké marang sira; Allah angapura prakara iki, lan Allah iku Aparamarta, Momot
قَدْ سَأَلَهَا قَوْمٌ مِنْ قَبْلِكُمْ ثُمَّ أَصْبَحُوا بِهَا كَافِرِينَ
Wong-wong ing saduru- ngira temen padha takon prakara iku, tumuli padha dadi kafir amar- ga saka prakara iku
مَا جَعَلَ اللَّهُ مِنْ بَحِيرَةٍ وَلَا سَائِبَةٍ وَلَا وَصِيلَةٍ وَلَا حَامٍ ۙ وَلَٰكِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا يَفْتَرُونَ عَلَى اللَّهِ الْكَذِبَ ۖ وَأَكْثَرُهُمْ لَا يَعْقِلُونَ
Allah ora andadèkaké bahîrah lan sâibah lan washîlah sarta hâmi, ananging para kang padha kafir agawé-gawé goroh ditibakaké ma- rang Allah, lan dhèwèké iku sing akèh-akèh padha ora ngerti
وَإِذَا قِيلَ لَهُمْ تَعَالَوْا إِلَىٰ مَا أَنْزَلَ اللَّهُ وَإِلَى الرَّسُولِ قَالُوا حَسْبُنَا مَا وَجَدْنَا عَلَيْهِ آبَاءَنَا ۚ أَوَلَوْ كَانَ آبَاؤُهُمْ لَا يَعْلَمُونَ شَيْئًا وَلَا يَهْتَدُونَ
Lan nalikané padha dikan- dhani: Ayo padha mrénéa mara marang apa kang wus kadha- wuhaké déning Allah lan marang Utusan, padha acalathu: Wis cukup tumrapé aku apa kang wis padha tinemu ana ing bapak-bapakku. Apa! Apa ya sanajan bapak- bapakné padha ora weruh barang- barang sarta padha ora nurut dalan kang bener

Choose other languages: