Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #107 Translated in Jawa

مَا جَعَلَ اللَّهُ مِنْ بَحِيرَةٍ وَلَا سَائِبَةٍ وَلَا وَصِيلَةٍ وَلَا حَامٍ ۙ وَلَٰكِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا يَفْتَرُونَ عَلَى اللَّهِ الْكَذِبَ ۖ وَأَكْثَرُهُمْ لَا يَعْقِلُونَ
Allah ora andadèkaké bahîrah lan sâibah lan washîlah sarta hâmi, ananging para kang padha kafir agawé-gawé goroh ditibakaké ma- rang Allah, lan dhèwèké iku sing akèh-akèh padha ora ngerti
وَإِذَا قِيلَ لَهُمْ تَعَالَوْا إِلَىٰ مَا أَنْزَلَ اللَّهُ وَإِلَى الرَّسُولِ قَالُوا حَسْبُنَا مَا وَجَدْنَا عَلَيْهِ آبَاءَنَا ۚ أَوَلَوْ كَانَ آبَاؤُهُمْ لَا يَعْلَمُونَ شَيْئًا وَلَا يَهْتَدُونَ
Lan nalikané padha dikan- dhani: Ayo padha mrénéa mara marang apa kang wus kadha- wuhaké déning Allah lan marang Utusan, padha acalathu: Wis cukup tumrapé aku apa kang wis padha tinemu ana ing bapak-bapakku. Apa! Apa ya sanajan bapak- bapakné padha ora weruh barang- barang sarta padha ora nurut dalan kang bener
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا عَلَيْكُمْ أَنْفُسَكُمْ ۖ لَا يَضُرُّكُمْ مَنْ ضَلَّ إِذَا اهْتَدَيْتُمْ ۚ إِلَى اللَّهِ مَرْجِعُكُمْ جَمِيعًا فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
É, para kang padha angèstu! padha di rumeksa ing jiwanira; sasaring wong iku ora ambabayani marang sira, manawa sira padha ngambah dalan bener; marang Allah bakal balinira kabèh baé, banjur Panjenengané bakal aparing weruh marang sira apa kang wis sira lakoni
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا شَهَادَةُ بَيْنِكُمْ إِذَا حَضَرَ أَحَدَكُمُ الْمَوْتُ حِينَ الْوَصِيَّةِ اثْنَانِ ذَوَا عَدْلٍ مِنْكُمْ أَوْ آخَرَانِ مِنْ غَيْرِكُمْ إِنْ أَنْتُمْ ضَرَبْتُمْ فِي الْأَرْضِ فَأَصَابَتْكُمْ مُصِيبَةُ الْمَوْتِ ۚ تَحْبِسُونَهُمَا مِنْ بَعْدِ الصَّلَاةِ فَيُقْسِمَانِ بِاللَّهِ إِنِ ارْتَبْتُمْ لَا نَشْتَرِي بِهِ ثَمَنًا وَلَوْ كَانَ ذَا قُرْبَىٰ ۙ وَلَا نَكْتُمُ شَهَادَةَ اللَّهِ إِنَّا إِذًا لَمِنَ الْآثِمِينَ
É, para kang padha angèstu! manawa pati amareki salah sawijinira, nalika atinggal weling, anguwuha wong loro kang ngadil saka golonganira, supaya aneksèni ing antaranira, utawa wong loro liyané saka saliyané golonganira manawa sira pinuju lulungan ing bumi mangka babaya pati angenani ing sira; sakaroné sira candheta nganti sabubaring salat; tumuli, manawa sira semang- semang supaya sakaroné padha sumpah ing Allah, : Iki, aku ora bakal padha angurupaké ajèn-ajèn, sanajan ta sanak, lan ora bakal aku padha angumpet pasaksining Allah, amarga aku iki mundhak padha kalebu èwoné para wong dosa
فَإِنْ عُثِرَ عَلَىٰ أَنَّهُمَا اسْتَحَقَّا إِثْمًا فَآخَرَانِ يَقُومَانِ مَقَامَهُمَا مِنَ الَّذِينَ اسْتَحَقَّ عَلَيْهِمُ الْأَوْلَيَانِ فَيُقْسِمَانِ بِاللَّهِ لَشَهَادَتُنَا أَحَقُّ مِنْ شَهَادَتِهِمَا وَمَا اعْتَدَيْنَا إِنَّا إِذًا لَمِنَ الظَّالِمِينَ
Lah, manawa kasumurupan, sakaroné padha atindak dosa, iya banjur anaa loro liyané minangka gegentiné sakaroné saka golongané kang padha angluputaké dhèwèké, padha sanak cedhak sakaroné; banjur sakaroné padha sumpaha kalawan Allah: Pasaksiku iki temen luwih nyata tinimbang pasaksiné sakaroné, lan aku padha ora amlangkah wates, amarga aku iki mundhak padha kalebu èwoné para wong atindak dudu

Choose other languages: