Surah Al-Maeda Ayahs #109 Translated in Jawa
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا عَلَيْكُمْ أَنْفُسَكُمْ ۖ لَا يَضُرُّكُمْ مَنْ ضَلَّ إِذَا اهْتَدَيْتُمْ ۚ إِلَى اللَّهِ مَرْجِعُكُمْ جَمِيعًا فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
É, para kang padha angèstu! padha di rumeksa ing jiwanira; sasaring wong iku ora ambabayani marang sira, manawa sira padha ngambah dalan bener; marang Allah bakal balinira kabèh baé, banjur Panjenengané bakal aparing weruh marang sira apa kang wis sira lakoni
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا شَهَادَةُ بَيْنِكُمْ إِذَا حَضَرَ أَحَدَكُمُ الْمَوْتُ حِينَ الْوَصِيَّةِ اثْنَانِ ذَوَا عَدْلٍ مِنْكُمْ أَوْ آخَرَانِ مِنْ غَيْرِكُمْ إِنْ أَنْتُمْ ضَرَبْتُمْ فِي الْأَرْضِ فَأَصَابَتْكُمْ مُصِيبَةُ الْمَوْتِ ۚ تَحْبِسُونَهُمَا مِنْ بَعْدِ الصَّلَاةِ فَيُقْسِمَانِ بِاللَّهِ إِنِ ارْتَبْتُمْ لَا نَشْتَرِي بِهِ ثَمَنًا وَلَوْ كَانَ ذَا قُرْبَىٰ ۙ وَلَا نَكْتُمُ شَهَادَةَ اللَّهِ إِنَّا إِذًا لَمِنَ الْآثِمِينَ
É, para kang padha angèstu! manawa pati amareki salah sawijinira, nalika atinggal weling, anguwuha wong loro kang ngadil saka golonganira, supaya aneksèni ing antaranira, utawa wong loro liyané saka saliyané golonganira manawa sira pinuju lulungan ing bumi mangka babaya pati angenani ing sira; sakaroné sira candheta nganti sabubaring salat; tumuli, manawa sira semang- semang supaya sakaroné padha sumpah ing Allah, : Iki, aku ora bakal padha angurupaké ajèn-ajèn, sanajan ta sanak, lan ora bakal aku padha angumpet pasaksining Allah, amarga aku iki mundhak padha kalebu èwoné para wong dosa
فَإِنْ عُثِرَ عَلَىٰ أَنَّهُمَا اسْتَحَقَّا إِثْمًا فَآخَرَانِ يَقُومَانِ مَقَامَهُمَا مِنَ الَّذِينَ اسْتَحَقَّ عَلَيْهِمُ الْأَوْلَيَانِ فَيُقْسِمَانِ بِاللَّهِ لَشَهَادَتُنَا أَحَقُّ مِنْ شَهَادَتِهِمَا وَمَا اعْتَدَيْنَا إِنَّا إِذًا لَمِنَ الظَّالِمِينَ
Lah, manawa kasumurupan, sakaroné padha atindak dosa, iya banjur anaa loro liyané minangka gegentiné sakaroné saka golongané kang padha angluputaké dhèwèké, padha sanak cedhak sakaroné; banjur sakaroné padha sumpaha kalawan Allah: Pasaksiku iki temen luwih nyata tinimbang pasaksiné sakaroné, lan aku padha ora amlangkah wates, amarga aku iki mundhak padha kalebu èwoné para wong atindak dudu
ذَٰلِكَ أَدْنَىٰ أَنْ يَأْتُوا بِالشَّهَادَةِ عَلَىٰ وَجْهِهَا أَوْ يَخَافُوا أَنْ تُرَدَّ أَيْمَانٌ بَعْدَ أَيْمَانِهِمْ ۗ وَاتَّقُوا اللَّهَ وَاسْمَعُوا ۗ وَاللَّهُ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الْفَاسِقِينَ
Iku luwih mungguh, amrih padha amènèhaké pasaksi kalawan apa anané, utawa padha kuwatir manawa sawisé anggoné padha sumpah, tinungka ing sumpah liyané; lan padha di ngati-ati marang Allah sarta padha angrungokna; lan Allah iku ora anuntun para wong kang murang yekti
يَوْمَ يَجْمَعُ اللَّهُ الرُّسُلَ فَيَقُولُ مَاذَا أُجِبْتُمْ ۖ قَالُوا لَا عِلْمَ لَنَا ۖ إِنَّكَ أَنْتَ عَلَّامُ الْغُيُوبِ
Ing dinané Allah bakal angimpun para utusan, banjur angandika: Kapriyé anggonira pa- dha katampanan? Padha munjuk: Kawula sami boten gadhah sesere- pan, saèstu Tuwan punika Ing- kang-Mahawikan ing samukawis ingkang boten katingal
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
