Surah Al-Maeda Ayahs #105 Translated in Jawa
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَسْأَلُوا عَنْ أَشْيَاءَ إِنْ تُبْدَ لَكُمْ تَسُؤْكُمْ وَإِنْ تَسْأَلُوا عَنْهَا حِينَ يُنَزَّلُ الْقُرْآنُ تُبْدَ لَكُمْ عَفَا اللَّهُ عَنْهَا ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ حَلِيمٌ
É, para kang padha angèstu! aja padha atatakon barang-barang, kang manawa diwedharaké marang sira, bakal anusahaké sira, lan ma- nawa iku padha sira takokaké na- likané Quran didhawuhaké, bakal diwedharaké marang sira; Allah angapura prakara iki, lan Allah iku Aparamarta, Momot
قَدْ سَأَلَهَا قَوْمٌ مِنْ قَبْلِكُمْ ثُمَّ أَصْبَحُوا بِهَا كَافِرِينَ
Wong-wong ing saduru- ngira temen padha takon prakara iku, tumuli padha dadi kafir amar- ga saka prakara iku
مَا جَعَلَ اللَّهُ مِنْ بَحِيرَةٍ وَلَا سَائِبَةٍ وَلَا وَصِيلَةٍ وَلَا حَامٍ ۙ وَلَٰكِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا يَفْتَرُونَ عَلَى اللَّهِ الْكَذِبَ ۖ وَأَكْثَرُهُمْ لَا يَعْقِلُونَ
Allah ora andadèkaké bahîrah lan sâibah lan washîlah sarta hâmi, ananging para kang padha kafir agawé-gawé goroh ditibakaké ma- rang Allah, lan dhèwèké iku sing akèh-akèh padha ora ngerti
وَإِذَا قِيلَ لَهُمْ تَعَالَوْا إِلَىٰ مَا أَنْزَلَ اللَّهُ وَإِلَى الرَّسُولِ قَالُوا حَسْبُنَا مَا وَجَدْنَا عَلَيْهِ آبَاءَنَا ۚ أَوَلَوْ كَانَ آبَاؤُهُمْ لَا يَعْلَمُونَ شَيْئًا وَلَا يَهْتَدُونَ
Lan nalikané padha dikan- dhani: Ayo padha mrénéa mara marang apa kang wus kadha- wuhaké déning Allah lan marang Utusan, padha acalathu: Wis cukup tumrapé aku apa kang wis padha tinemu ana ing bapak-bapakku. Apa! Apa ya sanajan bapak- bapakné padha ora weruh barang- barang sarta padha ora nurut dalan kang bener
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا عَلَيْكُمْ أَنْفُسَكُمْ ۖ لَا يَضُرُّكُمْ مَنْ ضَلَّ إِذَا اهْتَدَيْتُمْ ۚ إِلَى اللَّهِ مَرْجِعُكُمْ جَمِيعًا فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
É, para kang padha angèstu! padha di rumeksa ing jiwanira; sasaring wong iku ora ambabayani marang sira, manawa sira padha ngambah dalan bener; marang Allah bakal balinira kabèh baé, banjur Panjenengané bakal aparing weruh marang sira apa kang wis sira lakoni
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
