Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #18 Translated in Jawa

وَمِنَ الَّذِينَ قَالُوا إِنَّا نَصَارَىٰ أَخَذْنَا مِيثَاقَهُمْ فَنَسُوا حَظًّا مِمَّا ذُكِّرُوا بِهِ فَأَغْرَيْنَا بَيْنَهُمُ الْعَدَاوَةَ وَالْبَغْضَاءَ إِلَىٰ يَوْمِ الْقِيَامَةِ ۚ وَسَوْفَ يُنَبِّئُهُمُ اللَّهُ بِمَا كَانُوا يَصْنَعُونَ
Lan marang para kang padha angucap: Aku iki Nasrani, Ingsun iya wus amundhut sasanggema- né, ananging padha anglir- wakaké sapérangané kang dianggo angélingaké dhèwèké; mulané Ingsun andadèkaké mumungsuhan lan gething-gethingan antarané dhèwèké tumeka dina kiyamat; lan Allah bakal aparing weruh apa kang wus padha dilakoni
يَا أَهْلَ الْكِتَابِ قَدْ جَاءَكُمْ رَسُولُنَا يُبَيِّنُ لَكُمْ كَثِيرًا مِمَّا كُنْتُمْ تُخْفُونَ مِنَ الْكِتَابِ وَيَعْفُو عَنْ كَثِيرٍ ۚ قَدْ جَاءَكُمْ مِنَ اللَّهِ نُورٌ وَكِتَابٌ مُبِينٌ
É, para pandhèrèking Kitab! Temen wus tumeka marang sira utusan-Ingsun, anerangaké marang sira sapirang-pirang prakara saka ing Kitab kang padha sira umpet- aké lan amuwung sapirang-pirang ; temen wis tumeka marang sira papadhang lan Kitab kang terang saka ing Allah
يَهْدِي بِهِ اللَّهُ مَنِ اتَّبَعَ رِضْوَانَهُ سُبُلَ السَّلَامِ وَيُخْرِجُهُمْ مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ بِإِذْنِهِ وَيَهْدِيهِمْ إِلَىٰ صِرَاطٍ مُسْتَقِيمٍ
Iku diagem déning Allah anuntun sapa sing miturut pirena- Né marang dadalaning karahayon, lan angedalaké dhèwèké saka ing pepeteng marang papadhang ka- lawan kapareng-É, lan anuntun dhèwèké marang dadalan kang bener
لَقَدْ كَفَرَ الَّذِينَ قَالُوا إِنَّ اللَّهَ هُوَ الْمَسِيحُ ابْنُ مَرْيَمَ ۚ قُلْ فَمَنْ يَمْلِكُ مِنَ اللَّهِ شَيْئًا إِنْ أَرَادَ أَنْ يُهْلِكَ الْمَسِيحَ ابْنَ مَرْيَمَ وَأُمَّهُ وَمَنْ فِي الْأَرْضِ جَمِيعًا ۗ وَلِلَّهِ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا ۚ يَخْلُقُ مَا يَشَاءُ ۚ وَاللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Pancen, wong-wong sing ujar, "Allah iku Mesias, putrane Maria," banjur ora precaya. Ucapake, ProphetO Nabi, ˺ "Sapa sing kuwasa ngalang-alangi Allah yen dheweke milih nyirnakake Mesias, putra Maryam, ibune, lan kabeh wong ing jagad iki kabeh?" Allah kagungane Kratoning langit lan bumi lan kabeh sing ana ing antarane. Dheweke nggawe apa sing dikarsakake. Lan Allah iku Maha Kuwasa saka samubarang kabeh
وَقَالَتِ الْيَهُودُ وَالنَّصَارَىٰ نَحْنُ أَبْنَاءُ اللَّهِ وَأَحِبَّاؤُهُ ۚ قُلْ فَلِمَ يُعَذِّبُكُمْ بِذُنُوبِكُمْ ۖ بَلْ أَنْتُمْ بَشَرٌ مِمَّنْ خَلَقَ ۚ يَغْفِرُ لِمَنْ يَشَاءُ وَيُعَذِّبُ مَنْ يَشَاءُ ۚ وَلِلَّهِ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا ۖ وَإِلَيْهِ الْمَصِيرُ
Lan para Yahudi lan Nasrani padha calathu: Aku iki padha putraning Allah sarta kakasih-É. Dhawuha: Yagéné Panjenengané aniksa ing kowé amarga saka kaluputanmu? Balik sira iku padha manusa, èwoning titah; Panjenenangé iku angapura ma- rang sapa sing dadi karsa-Né sarta aniksa sapa sing dadi karsa-Né; lan kagungané Allah karatoning langit-langit lan bumi iku dalah apa kang ana ing saantarané, lan marang Panjenengané pantoging paran iku

Choose other languages: