Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #51 Translated in Jawa

نَحْنُ أَعْلَمُ بِمَا يَسْتَمِعُونَ بِهِ إِذْ يَسْتَمِعُونَ إِلَيْكَ وَإِذْ هُمْ نَجْوَىٰ إِذْ يَقُولُ الظَّالِمُونَ إِنْ تَتَّبِعُونَ إِلَّا رَجُلًا مَسْحُورًا
Ingsun luwih ngudaneni ing apa wong-wong kang ora percaya ngrungokake al-Qur’an nalikane sira maca, Lan Ingsun luwih ngudaneni nalika padha bisik-bisik ngrasani sira, yaiku nalika wong-wong kang nganiaya padha ngucapa, "Ora ana liya kang sira turut iku kajaba wong lanang kang kena sihir
انْظُرْ كَيْفَ ضَرَبُوا لَكَ الْأَمْثَالَ فَضَلُّوا فَلَا يَسْتَطِيعُونَ سَبِيلًا
Ndelenga, kapriye wong-wong mau anggone wis gawe upama kanggo sira (sira dipadhakake wong kang kena sihir), tumuli wong mau padha kesasar saka dalan kang bener, dheweke padha ora bisa oleh dalan kang bener
وَقَالُوا أَإِذَا كُنَّا عِظَامًا وَرُفَاتًا أَإِنَّا لَمَبْعُوثُونَ خَلْقًا جَدِيدًا
Lan wong-wong (kafir) mau padha ngucap, "Besuk yen aku wis mati, wis dadi balung lan lemah, apa iya bakal ditangekake saka pati, banjur dadi titah anyar
قُلْ كُونُوا حِجَارَةً أَوْ حَدِيدًا
Dhawuha, "Sira padha dadiya watu utawa wesi
أَوْ خَلْقًا مِمَّا يَكْبُرُ فِي صُدُورِكُمْ ۚ فَسَيَقُولُونَ مَنْ يُعِيدُنَا ۖ قُلِ الَّذِي فَطَرَكُمْ أَوَّلَ مَرَّةٍ ۚ فَسَيُنْغِضُونَ إِلَيْكَ رُءُوسَهُمْ وَيَقُولُونَ مَتَىٰ هُوَ ۖ قُلْ عَسَىٰ أَنْ يَكُونَ قَرِيبًا
Utawa dadi titah kang gedhe miturut rasaning atimu (mesthi bakal ditangekake uga sawise mati). Wong-wong mau bakal padha ngucap, "Sapa sing bakal mbalekake aku urip maneh?" Sira dhawuha (Muhammad): Pangeran kang wis nitahake sira sekawit biyen. wong-wong mau bakal nggedek-gedekake sirahe marang sira, sarta ngucap maneh, "besuk kapan iku?", sira dhawuha, "Muga-muga bae wis cedhak

Choose other languages: