Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hashr Ayahs #14 Translated in Jawa

وَالَّذِينَ جَاءُوا مِنْ بَعْدِهِمْ يَقُولُونَ رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَحِيمٌ
Dene para sahabat kang teka anyar (Muhajirin lan Anshor) dheweke padha donga, "Ya Allah, Paduka mugi ngapuraha dhumateng kula saha para sadherek kula, ingkang anggenipun iman ing Paduka ngrumiyini kawula, sampun ngantos manah kula drengki dhateng para Mukmin, Paduka menika welas asih
أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ نَافَقُوا يَقُولُونَ لِإِخْوَانِهِمُ الَّذِينَ كَفَرُوا مِنْ أَهْلِ الْكِتَابِ لَئِنْ أُخْرِجْتُمْ لَنَخْرُجَنَّ مَعَكُمْ وَلَا نُطِيعُ فِيكُمْ أَحَدًا أَبَدًا وَإِنْ قُوتِلْتُمْ لَنَنْصُرَنَّكُمْ وَاللَّهُ يَشْهَدُ إِنَّهُمْ لَكَاذِبُونَ
Apa ora deleng para wong lamis padha ngandhani para sadulure wong kafir kang duwe wewaton Kitab (Ahli Kitab), "Menawa kowe nganti diusir saka kene (Madinah) aku mesthi melu lunga. Aku salawase mangsa gelema melu nyulayani kowe. Menawa kowe arep dipateni aku ngrewangi kowe". Kandhane wong lamis mangkono mau bakal cidra
لَئِنْ أُخْرِجُوا لَا يَخْرُجُونَ مَعَهُمْ وَلَئِنْ قُوتِلُوا لَا يَنْصُرُونَهُمْ وَلَئِنْ نَصَرُوهُمْ لَيُوَلُّنَّ الْأَدْبَارَ ثُمَّ لَا يُنْصَرُونَ
Manawa wong kafir (kang duwe Kitab) mau ditundhung, wong lamis mesthi ora gelem melu, lan manawa dipateni ora gelem ngrewangi. Dene manawa gelem grewangi mesthi padha kalah lan keplayu. Wekasane ora ana kang bisa nulungi wong lamis
لَأَنْتُمْ أَشَدُّ رَهْبَةً فِي صُدُورِهِمْ مِنَ اللَّهِ ۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ قَوْمٌ لَا يَفْقَهُونَ
Wong lamis mau atine wedi banget marang sira ngungkuli wedine ing Allah. Anggone mangkono mau, marga wong lamis ora weruh kuwasane Allah
لَا يُقَاتِلُونَكُمْ جَمِيعًا إِلَّا فِي قُرًى مُحَصَّنَةٍ أَوْ مِنْ وَرَاءِ جُدُرٍ ۚ بَأْسُهُمْ بَيْنَهُمْ شَدِيدٌ ۚ تَحْسَبُهُمْ جَمِيعًا وَقُلُوبُهُمْ شَتَّىٰ ۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ قَوْمٌ لَا يَعْقِلُونَ
Wong Yahudi kabeh wae ora ana kang wani perang nglawan sira kajaba yen ana ing padesan kang santosa lan manawa benten. Panyanamu dheweke padha rukun, nanging satemene atine padha sulaya. Marga kabeh wae satemene golongan kang ora mangerti

Choose other languages: