Surah Al-Hashr Ayahs #13 Translated in Jawa
وَالَّذِينَ تَبَوَّءُوا الدَّارَ وَالْإِيمَانَ مِنْ قَبْلِهِمْ يُحِبُّونَ مَنْ هَاجَرَ إِلَيْهِمْ وَلَا يَجِدُونَ فِي صُدُورِهِمْ حَاجَةً مِمَّا أُوتُوا وَيُؤْثِرُونَ عَلَىٰ أَنْفُسِهِمْ وَلَوْ كَانَ بِهِمْ خَصَاصَةٌ ۚ وَمَنْ يُوقَ شُحَّ نَفْسِهِ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ
Dene para sahabat kang wis manggon ana ing Madinah sadurunge rawuhe Rosul padha pracaya ing Allah lan padha asih marang wong kang pindhah (hijroh) atine ora meri apa kang diparingake marang dheweke (Muhajirin) malah padha ngalah bab samu barang sanadiyan awake dhewe iya butuh. Sing sapa bisa nyingkiri saka medhit dheweke kalebu wong kang begja
وَالَّذِينَ جَاءُوا مِنْ بَعْدِهِمْ يَقُولُونَ رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَحِيمٌ
Dene para sahabat kang teka anyar (Muhajirin lan Anshor) dheweke padha donga, "Ya Allah, Paduka mugi ngapuraha dhumateng kula saha para sadherek kula, ingkang anggenipun iman ing Paduka ngrumiyini kawula, sampun ngantos manah kula drengki dhateng para Mukmin, Paduka menika welas asih
أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ نَافَقُوا يَقُولُونَ لِإِخْوَانِهِمُ الَّذِينَ كَفَرُوا مِنْ أَهْلِ الْكِتَابِ لَئِنْ أُخْرِجْتُمْ لَنَخْرُجَنَّ مَعَكُمْ وَلَا نُطِيعُ فِيكُمْ أَحَدًا أَبَدًا وَإِنْ قُوتِلْتُمْ لَنَنْصُرَنَّكُمْ وَاللَّهُ يَشْهَدُ إِنَّهُمْ لَكَاذِبُونَ
Apa ora deleng para wong lamis padha ngandhani para sadulure wong kafir kang duwe wewaton Kitab (Ahli Kitab), "Menawa kowe nganti diusir saka kene (Madinah) aku mesthi melu lunga. Aku salawase mangsa gelema melu nyulayani kowe. Menawa kowe arep dipateni aku ngrewangi kowe". Kandhane wong lamis mangkono mau bakal cidra
لَئِنْ أُخْرِجُوا لَا يَخْرُجُونَ مَعَهُمْ وَلَئِنْ قُوتِلُوا لَا يَنْصُرُونَهُمْ وَلَئِنْ نَصَرُوهُمْ لَيُوَلُّنَّ الْأَدْبَارَ ثُمَّ لَا يُنْصَرُونَ
Manawa wong kafir (kang duwe Kitab) mau ditundhung, wong lamis mesthi ora gelem melu, lan manawa dipateni ora gelem ngrewangi. Dene manawa gelem grewangi mesthi padha kalah lan keplayu. Wekasane ora ana kang bisa nulungi wong lamis
لَأَنْتُمْ أَشَدُّ رَهْبَةً فِي صُدُورِهِمْ مِنَ اللَّهِ ۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ قَوْمٌ لَا يَفْقَهُونَ
Wong lamis mau atine wedi banget marang sira ngungkuli wedine ing Allah. Anggone mangkono mau, marga wong lamis ora weruh kuwasane Allah
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
