Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hashr Ayahs #16 Translated in Jawa

لَئِنْ أُخْرِجُوا لَا يَخْرُجُونَ مَعَهُمْ وَلَئِنْ قُوتِلُوا لَا يَنْصُرُونَهُمْ وَلَئِنْ نَصَرُوهُمْ لَيُوَلُّنَّ الْأَدْبَارَ ثُمَّ لَا يُنْصَرُونَ
Manawa wong kafir (kang duwe Kitab) mau ditundhung, wong lamis mesthi ora gelem melu, lan manawa dipateni ora gelem ngrewangi. Dene manawa gelem grewangi mesthi padha kalah lan keplayu. Wekasane ora ana kang bisa nulungi wong lamis
لَأَنْتُمْ أَشَدُّ رَهْبَةً فِي صُدُورِهِمْ مِنَ اللَّهِ ۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ قَوْمٌ لَا يَفْقَهُونَ
Wong lamis mau atine wedi banget marang sira ngungkuli wedine ing Allah. Anggone mangkono mau, marga wong lamis ora weruh kuwasane Allah
لَا يُقَاتِلُونَكُمْ جَمِيعًا إِلَّا فِي قُرًى مُحَصَّنَةٍ أَوْ مِنْ وَرَاءِ جُدُرٍ ۚ بَأْسُهُمْ بَيْنَهُمْ شَدِيدٌ ۚ تَحْسَبُهُمْ جَمِيعًا وَقُلُوبُهُمْ شَتَّىٰ ۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ قَوْمٌ لَا يَعْقِلُونَ
Wong Yahudi kabeh wae ora ana kang wani perang nglawan sira kajaba yen ana ing padesan kang santosa lan manawa benten. Panyanamu dheweke padha rukun, nanging satemene atine padha sulaya. Marga kabeh wae satemene golongan kang ora mangerti
كَمَثَلِ الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ قَرِيبًا ۖ ذَاقُوا وَبَالَ أَمْرِهِمْ وَلَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ
Iku padha lelakone (wong Makkah Bani Qainuqa) sing durung suwe sakdurunge dheweke padha ngrasakake akibat lelakone dhewe bareng ana akherat uga dipatrapi siksa kang nglarani
كَمَثَلِ الشَّيْطَانِ إِذْ قَالَ لِلْإِنْسَانِ اكْفُرْ فَلَمَّا كَفَرَ قَالَ إِنِّي بَرِيءٌ مِنْكَ إِنِّي أَخَافُ اللَّهَ رَبَّ الْعَالَمِينَ
(Panggodhane wong lamis) Kaya dhene panggodane syaitan marang manungsa kang kandha, "Kafira kowe". Nalikane para manungsa wis padha kafir banjur kandha, "Aku ora melu - melu angonmu kafir. Aku wedi ing Allah kang nguwasani alam kabeh

Choose other languages: