Surah Al-Baqara Ayahs #240 Translated in Jawa
لَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ إِنْ طَلَّقْتُمُ النِّسَاءَ مَا لَمْ تَمَسُّوهُنَّ أَوْ تَفْرِضُوا لَهُنَّ فَرِيضَةً ۚ وَمَتِّعُوهُنَّ عَلَى الْمُوسِعِ قَدَرُهُ وَعَلَى الْمُقْتِرِ قَدَرُهُ مَتَاعًا بِالْمَعْرُوفِ ۖ حَقًّا عَلَى الْمُحْسِنِينَ
Ora dosa tumrap sira kabeh megat marang wong wadon sadurunge kumpul (jumbana) utawa sadurunge sira nemtokake maskawine, lan sira aweha bebungah marang wadon mau kelawan becik. Tumrap wong sugih sak kuwate lan tumrap wong mlarat uga sak kuwate, iku tetep kewajiban tumrap wong kang padha nindakake kebecikan
وَإِنْ طَلَّقْتُمُوهُنَّ مِنْ قَبْلِ أَنْ تَمَسُّوهُنَّ وَقَدْ فَرَضْتُمْ لَهُنَّ فَرِيضَةً فَنِصْفُ مَا فَرَضْتُمْ إِلَّا أَنْ يَعْفُونَ أَوْ يَعْفُوَ الَّذِي بِيَدِهِ عُقْدَةُ النِّكَاحِ ۚ وَأَنْ تَعْفُوا أَقْرَبُ لِلتَّقْوَىٰ ۚ وَلَا تَنْسَوُا الْفَضْلَ بَيْنَكُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ
Lan manawa sira padha megat ing wadon sadurunge sira kumpuli, nanging sira wis tentokake maskawin tumrap dheweke, sira (wajib bayar) separoning mas kawin kang wis sira temtokake mau. Kajaba yen rabinira utawa wong lanang kang nguwasani bundhelaning nikah wis padha trima. Dene yen sira padha gelem aweh kemurahan iku nyaketake marang wedi ing Allah. Lan sira aja nglalekake kabecikan antara nira kabeh. Satemene Allah iku mriksani barang kang sira tindakake
حَافِظُوا عَلَى الصَّلَوَاتِ وَالصَّلَاةِ الْوُسْطَىٰ وَقُومُوا لِلَّهِ قَانِتِينَ
Sira padha ngreksaha nindakake shalat, lan shalat kang tengahan sarta sira padha ngadega ngestokake (kabeh dhawuhe) Allah
فَإِنْ خِفْتُمْ فَرِجَالًا أَوْ رُكْبَانًا ۖ فَإِذَا أَمِنْتُمْ فَاذْكُرُوا اللَّهَ كَمَا عَلَّمَكُمْ مَا لَمْ تَكُونُوا تَعْلَمُونَ
Lan menawa sira padha kuatir, sira kena shalat karo mlaku utawa nenunggang. Dene yen sira wis tentrem, sira padha nyebuta Asmane Allah kaya kang wis diwulangake marang sira kabeh dening Allah barang kang sira sumurupi
وَالَّذِينَ يُتَوَفَّوْنَ مِنْكُمْ وَيَذَرُونَ أَزْوَاجًا وَصِيَّةً لِأَزْوَاجِهِمْ مَتَاعًا إِلَى الْحَوْلِ غَيْرَ إِخْرَاجٍ ۚ فَإِنْ خَرَجْنَ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ فِي مَا فَعَلْنَ فِي أَنْفُسِهِنَّ مِنْ مَعْرُوفٍ ۗ وَاللَّهُ عَزِيزٌ حَكِيمٌ
Sing sapa ngarepake mati saka sira kabeh padha bakal ninggal bojo, wong mau supaya wasiyat marang bojone, minongko aweh bebungah (sandhangan lan pangan) suwene setahun, sarta ora nundhung dheweke saka omahe. Dene manawa wong wadon mau metu saka omahe miturut karepe dhewe, sira (wali ) ora padha kapatrapan dosa jalaran anggone deweke wis padha mbebecik (memaesi) ing awake dhewe. Dene Allah iku Maha Mulya sarta Maha Wicaksana
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
