Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #239 Translated in Jawa

وَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ فِيمَا عَرَّضْتُمْ بِهِ مِنْ خِطْبَةِ النِّسَاءِ أَوْ أَكْنَنْتُمْ فِي أَنْفُسِكُمْ ۚ عَلِمَ اللَّهُ أَنَّكُمْ سَتَذْكُرُونَهُنَّ وَلَٰكِنْ لَا تُوَاعِدُوهُنَّ سِرًّا إِلَّا أَنْ تَقُولُوا قَوْلًا مَعْرُوفًا ۚ وَلَا تَعْزِمُوا عُقْدَةَ النِّكَاحِ حَتَّىٰ يَبْلُغَ الْكِتَابُ أَجَلَهُ ۚ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ يَعْلَمُ مَا فِي أَنْفُسِكُمْ فَاحْذَرُوهُ ۚ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ غَفُورٌ حَلِيمٌ
Lan sira ora padha kaptrapan dosa tumrap anggonira nglamar wong wadon (kang isih ana ing sajeroning ’iddah) kelawan pasemon, utawa mung sira bathin ana ing sajeroning atinira. Allah nguningani manawa sira bakal padha nglahirake krenteging atinira marang wong wadon mau, nanging sira aja mrasajakake dhisik anggonira duwe karep ngrabeni wong wadon mau, kajaba yen sira mung nglahirake tembung pasemon kang becik iku kena. Lan sira aja padha netepake ’akad (waktu) nikah, nganti yen wong wadon mau wis rampung ’iddahe, lan sira padha sumurupa manawa Allah iku Ngudaneni barang kang ana ing atinira, jalaran saka iku sira padha ngati-atiya. Lan padha sumurupa satemene Allah iku Maha Pangapura lan Maha Welas
لَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ إِنْ طَلَّقْتُمُ النِّسَاءَ مَا لَمْ تَمَسُّوهُنَّ أَوْ تَفْرِضُوا لَهُنَّ فَرِيضَةً ۚ وَمَتِّعُوهُنَّ عَلَى الْمُوسِعِ قَدَرُهُ وَعَلَى الْمُقْتِرِ قَدَرُهُ مَتَاعًا بِالْمَعْرُوفِ ۖ حَقًّا عَلَى الْمُحْسِنِينَ
Ora dosa tumrap sira kabeh megat marang wong wadon sadurunge kumpul (jumbana) utawa sadurunge sira nemtokake maskawine, lan sira aweha bebungah marang wadon mau kelawan becik. Tumrap wong sugih sak kuwate lan tumrap wong mlarat uga sak kuwate, iku tetep kewajiban tumrap wong kang padha nindakake kebecikan
وَإِنْ طَلَّقْتُمُوهُنَّ مِنْ قَبْلِ أَنْ تَمَسُّوهُنَّ وَقَدْ فَرَضْتُمْ لَهُنَّ فَرِيضَةً فَنِصْفُ مَا فَرَضْتُمْ إِلَّا أَنْ يَعْفُونَ أَوْ يَعْفُوَ الَّذِي بِيَدِهِ عُقْدَةُ النِّكَاحِ ۚ وَأَنْ تَعْفُوا أَقْرَبُ لِلتَّقْوَىٰ ۚ وَلَا تَنْسَوُا الْفَضْلَ بَيْنَكُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ
Lan manawa sira padha megat ing wadon sadurunge sira kumpuli, nanging sira wis tentokake maskawin tumrap dheweke, sira (wajib bayar) separoning mas kawin kang wis sira temtokake mau. Kajaba yen rabinira utawa wong lanang kang nguwasani bundhelaning nikah wis padha trima. Dene yen sira padha gelem aweh kemurahan iku nyaketake marang wedi ing Allah. Lan sira aja nglalekake kabecikan antara nira kabeh. Satemene Allah iku mriksani barang kang sira tindakake
حَافِظُوا عَلَى الصَّلَوَاتِ وَالصَّلَاةِ الْوُسْطَىٰ وَقُومُوا لِلَّهِ قَانِتِينَ
Sira padha ngreksaha nindakake shalat, lan shalat kang tengahan sarta sira padha ngadega ngestokake (kabeh dhawuhe) Allah
فَإِنْ خِفْتُمْ فَرِجَالًا أَوْ رُكْبَانًا ۖ فَإِذَا أَمِنْتُمْ فَاذْكُرُوا اللَّهَ كَمَا عَلَّمَكُمْ مَا لَمْ تَكُونُوا تَعْلَمُونَ
Lan menawa sira padha kuatir, sira kena shalat karo mlaku utawa nenunggang. Dene yen sira wis tentrem, sira padha nyebuta Asmane Allah kaya kang wis diwulangake marang sira kabeh dening Allah barang kang sira sumurupi

Choose other languages: