Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #242 Translated in Jawa

حَافِظُوا عَلَى الصَّلَوَاتِ وَالصَّلَاةِ الْوُسْطَىٰ وَقُومُوا لِلَّهِ قَانِتِينَ
Sira padha ngreksaha nindakake shalat, lan shalat kang tengahan sarta sira padha ngadega ngestokake (kabeh dhawuhe) Allah
فَإِنْ خِفْتُمْ فَرِجَالًا أَوْ رُكْبَانًا ۖ فَإِذَا أَمِنْتُمْ فَاذْكُرُوا اللَّهَ كَمَا عَلَّمَكُمْ مَا لَمْ تَكُونُوا تَعْلَمُونَ
Lan menawa sira padha kuatir, sira kena shalat karo mlaku utawa nenunggang. Dene yen sira wis tentrem, sira padha nyebuta Asmane Allah kaya kang wis diwulangake marang sira kabeh dening Allah barang kang sira sumurupi
وَالَّذِينَ يُتَوَفَّوْنَ مِنْكُمْ وَيَذَرُونَ أَزْوَاجًا وَصِيَّةً لِأَزْوَاجِهِمْ مَتَاعًا إِلَى الْحَوْلِ غَيْرَ إِخْرَاجٍ ۚ فَإِنْ خَرَجْنَ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ فِي مَا فَعَلْنَ فِي أَنْفُسِهِنَّ مِنْ مَعْرُوفٍ ۗ وَاللَّهُ عَزِيزٌ حَكِيمٌ
Sing sapa ngarepake mati saka sira kabeh padha bakal ninggal bojo, wong mau supaya wasiyat marang bojone, minongko aweh bebungah (sandhangan lan pangan) suwene setahun, sarta ora nundhung dheweke saka omahe. Dene manawa wong wadon mau metu saka omahe miturut karepe dhewe, sira (wali ) ora padha kapatrapan dosa jalaran anggone deweke wis padha mbebecik (memaesi) ing awake dhewe. Dene Allah iku Maha Mulya sarta Maha Wicaksana
وَلِلْمُطَلَّقَاتِ مَتَاعٌ بِالْمَعْرُوفِ ۖ حَقًّا عَلَى الْمُتَّقِينَ
Lan wong wadon kang padha dipegat, padha oleh bebungah saka kang lanang sak kuwasane. Iku kewajiban tetep tumrap wong kang padha bekti (ing Allah)
كَذَٰلِكَ يُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمْ آيَاتِهِ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُونَ
Koyo mengkono iku Allah nerangake ayat-ayate marang sira kabeh, supaya sira padha mikir

Choose other languages: