Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #245 Translated in Jawa

وَلِلْمُطَلَّقَاتِ مَتَاعٌ بِالْمَعْرُوفِ ۖ حَقًّا عَلَى الْمُتَّقِينَ
Lan wong wadon kang padha dipegat, padha oleh bebungah saka kang lanang sak kuwasane. Iku kewajiban tetep tumrap wong kang padha bekti (ing Allah)
كَذَٰلِكَ يُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمْ آيَاتِهِ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُونَ
Koyo mengkono iku Allah nerangake ayat-ayate marang sira kabeh, supaya sira padha mikir
أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ خَرَجُوا مِنْ دِيَارِهِمْ وَهُمْ أُلُوفٌ حَذَرَ الْمَوْتِ فَقَالَ لَهُمُ اللَّهُ مُوتُوا ثُمَّ أَحْيَاهُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ لَذُو فَضْلٍ عَلَى النَّاسِ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَشْكُرُونَ
Apa sira durung weruh (ceritane) wong Bani Israil kang cacahe ma-ewu-ewu kang padha ngungsi ninggal negarane kuwatir mati dening lelara, nuli Allah paring pangandika, "Sira padha matiya kabeh.", sak wuse iku Allah nguripake ing dheweke. Satemene Allah iku kagungan kanugrahan marang para manungsa, nanging akeh-akehe manungsa padha ora gelem syukur
وَقَاتِلُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ سَمِيعٌ عَلِيمٌ
Lan sira padha mangsaha perang ana ing dalane Allah, (perang sabil) lan padha sumurupa satemene Allah iku Maha Midhanget saha Maha Ngudaneni
مَنْ ذَا الَّذِي يُقْرِضُ اللَّهَ قَرْضًا حَسَنًا فَيُضَاعِفَهُ لَهُ أَضْعَافًا كَثِيرَةً ۚ وَاللَّهُ يَقْبِضُ وَيَبْسُطُ وَإِلَيْهِ تُرْجَعُونَ
Sing sapa wonge ngutangi ing Allah kelawan piutang kabecikan Allah mesthi nikeli marang wong-wong mau, piwalese tikel pirang-pirang. Dene Allah iku kang nampi lan kang nggelar peparinge, lan sira kabeh bakal padha disowanake marang panjenengane

Choose other languages: