Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #148 Translated in Jawa

قَدْ نَرَىٰ تَقَلُّبَ وَجْهِكَ فِي السَّمَاءِ ۖ فَلَنُوَلِّيَنَّكَ قِبْلَةً تَرْضَاهَا ۚ فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۚ وَحَيْثُ مَا كُنْتُمْ فَوَلُّوا وُجُوهَكُمْ شَطْرَهُ ۗ وَإِنَّ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ لَيَعْلَمُونَ أَنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَبِّهِمْ ۗ وَمَا اللَّهُ بِغَافِلٍ عَمَّا يَعْمَلُونَ
Ingsun temen wis nguningani tumenganing rahinira (Muhammad) marang ing langit, mulane sira Ingsun alih madheping Qiblat Ka’bah kang sira senengi. Saiki anggonira Shalat rahinira adhepna ing penahing Ka’bah Masjidil Haram. Ing ngendi anggonira shalat padha ngadhepna rahinira marang pernahing Ka’bah mau. Dene raupaning wong kang padha nyekel Kitab mesthi padha weruh yen madhep ing Ka’bah iku kang nyata terang saka ing Pangerane. Allah ora pisa-pinsa kesupen samubarang kang padha sira tindakake
وَلَئِنْ أَتَيْتَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ بِكُلِّ آيَةٍ مَا تَبِعُوا قِبْلَتَكَ ۚ وَمَا أَنْتَ بِتَابِعٍ قِبْلَتَهُمْ ۚ وَمَا بَعْضُهُمْ بِتَابِعٍ قِبْلَةَ بَعْضٍ ۚ وَلَئِنِ اتَّبَعْتَ أَهْوَاءَهُمْ مِنْ بَعْدِ مَا جَاءَكَ مِنَ الْعِلْمِ ۙ إِنَّكَ إِذًا لَمِنَ الظَّالِمِينَ
Saumpama wong kang padha duwe cecekelan Kitab iku sira wenehi sarupaning tandha yekti mesthi padha ora gelem manut kiblatira. Sira uga ora gelem manut kiblate. Wong kang padha duwe cecekelan Kitab mau iya ora gelem manut kiblating salah sawijine. Ing sawise sira katekan wahyu kaweruh, saumpama sira manut karepe wong mau ing kono sira mesthi klebu ewoning wong kang padha nganiaya
الَّذِينَ آتَيْنَاهُمُ الْكِتَابَ يَعْرِفُونَهُ كَمَا يَعْرِفُونَ أَبْنَاءَهُمْ ۖ وَإِنَّ فَرِيقًا مِنْهُمْ لَيَكْتُمُونَ الْحَقَّ وَهُمْ يَعْلَمُونَ
Sarupaning wong kang wis padha Ingsung paringi cecekelan Kitab mesthi padha weruh (marang Muhammad) kaya weruhe marang anak-anake, ewodene wong mau ana sagolongan kang ngumpetake barang kang bener, ing mangka wong-wong mau padha mangerti
الْحَقُّ مِنْ رَبِّكَ ۖ فَلَا تَكُونَنَّ مِنَ الْمُمْتَرِينَ
Barang kang nyata bener iku saka Pangeranira (Muhammad) awit saka iku sira aja dadi ewoning wong kang padha mamang
وَلِكُلٍّ وِجْهَةٌ هُوَ مُوَلِّيهَا ۖ فَاسْتَبِقُوا الْخَيْرَاتِ ۚ أَيْنَ مَا تَكُونُوا يَأْتِ بِكُمُ اللَّهُ جَمِيعًا ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Siji-sijine ummat padha duwe kiblat dhewe-dhewe, kang padha diadhepake nalikane Sholat, mulane padha balapan (nindakake) kabecikan. Ana ing ngendi bae, Allah (mesthi) ngumpulake sira kabeh. Satemene Allah iku Maha Kuwasa marang samubarang

Choose other languages: