Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #149 Translated in Jawa

وَلَئِنْ أَتَيْتَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ بِكُلِّ آيَةٍ مَا تَبِعُوا قِبْلَتَكَ ۚ وَمَا أَنْتَ بِتَابِعٍ قِبْلَتَهُمْ ۚ وَمَا بَعْضُهُمْ بِتَابِعٍ قِبْلَةَ بَعْضٍ ۚ وَلَئِنِ اتَّبَعْتَ أَهْوَاءَهُمْ مِنْ بَعْدِ مَا جَاءَكَ مِنَ الْعِلْمِ ۙ إِنَّكَ إِذًا لَمِنَ الظَّالِمِينَ
Saumpama wong kang padha duwe cecekelan Kitab iku sira wenehi sarupaning tandha yekti mesthi padha ora gelem manut kiblatira. Sira uga ora gelem manut kiblate. Wong kang padha duwe cecekelan Kitab mau iya ora gelem manut kiblating salah sawijine. Ing sawise sira katekan wahyu kaweruh, saumpama sira manut karepe wong mau ing kono sira mesthi klebu ewoning wong kang padha nganiaya
الَّذِينَ آتَيْنَاهُمُ الْكِتَابَ يَعْرِفُونَهُ كَمَا يَعْرِفُونَ أَبْنَاءَهُمْ ۖ وَإِنَّ فَرِيقًا مِنْهُمْ لَيَكْتُمُونَ الْحَقَّ وَهُمْ يَعْلَمُونَ
Sarupaning wong kang wis padha Ingsung paringi cecekelan Kitab mesthi padha weruh (marang Muhammad) kaya weruhe marang anak-anake, ewodene wong mau ana sagolongan kang ngumpetake barang kang bener, ing mangka wong-wong mau padha mangerti
الْحَقُّ مِنْ رَبِّكَ ۖ فَلَا تَكُونَنَّ مِنَ الْمُمْتَرِينَ
Barang kang nyata bener iku saka Pangeranira (Muhammad) awit saka iku sira aja dadi ewoning wong kang padha mamang
وَلِكُلٍّ وِجْهَةٌ هُوَ مُوَلِّيهَا ۖ فَاسْتَبِقُوا الْخَيْرَاتِ ۚ أَيْنَ مَا تَكُونُوا يَأْتِ بِكُمُ اللَّهُ جَمِيعًا ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Siji-sijine ummat padha duwe kiblat dhewe-dhewe, kang padha diadhepake nalikane Sholat, mulane padha balapan (nindakake) kabecikan. Ana ing ngendi bae, Allah (mesthi) ngumpulake sira kabeh. Satemene Allah iku Maha Kuwasa marang samubarang
وَمِنْ حَيْثُ خَرَجْتَ فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۖ وَإِنَّهُ لَلْحَقُّ مِنْ رَبِّكَ ۗ وَمَا اللَّهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُونَ
Saka arah ngendi bae sira metu, mangka adhepna rahinira marang pernahing ka’bah Masjidil-Haram, iya iku kang mesthi nyata terang saka Pangeranira. Allah ora kasupen samubarang kang padha sira tindakake

Choose other languages: