Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #194 Translated in Jawa

فَلَمَّا آتَاهُمَا صَالِحًا جَعَلَا لَهُ شُرَكَاءَ فِيمَا آتَاهُمَا ۚ فَتَعَالَى اللَّهُ عَمَّا يُشْرِكُونَ
Ananging bareng Panjene- ngané wus amaringi sakaroné kang becik, sakaroné angadegaké sisi- han-sisihan tumrap Panjenengané ing dalem barang paparing-É marang sakaroné; ananging Maha- luhur Allah iku saka apa kang dianggo nisihi
أَيُشْرِكُونَ مَا لَا يَخْلُقُ شَيْئًا وَهُمْ يُخْلَقُونَ
Apa! Dhèwèké padha anisi- hi barang kang ora anitahaké apa-apa, malah padha tinitahaké
وَلَا يَسْتَطِيعُونَ لَهُمْ نَصْرًا وَلَا أَنْفُسَهُمْ يَنْصُرُونَ
Lan padha ora kawasa atu- tulung marang dhèwèké sarta ora atutulung awaké dhéwé
وَإِنْ تَدْعُوهُمْ إِلَى الْهُدَىٰ لَا يَتَّبِعُوكُمْ ۚ سَوَاءٌ عَلَيْكُمْ أَدَعَوْتُمُوهُمْ أَمْ أَنْتُمْ صَامِتُونَ
Lan manawa dhèwèké pa- dha sira ajak marang tuntunan, ora bakal padha manut ing sira; padha ingatasé sira, apa sira angajak dhè- wèké apa ta sira meneng baé
إِنَّ الَّذِينَ تَدْعُونَ مِنْ دُونِ اللَّهِ عِبَادٌ أَمْثَالُكُمْ ۖ فَادْعُوهُمْ فَلْيَسْتَجِيبُوا لَكُمْ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
Sayekti para kang padha sira uwuh saliyané Allah, iku du- munung ing kahanan batur, papa- dhanira; lah coba padha nyuwu- na marang dhèwèké, cikbèn pdha anyembadani marang sira, manawa sira iku padha wong temen

Choose other languages: