Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #197 Translated in Jawa

وَإِنْ تَدْعُوهُمْ إِلَى الْهُدَىٰ لَا يَتَّبِعُوكُمْ ۚ سَوَاءٌ عَلَيْكُمْ أَدَعَوْتُمُوهُمْ أَمْ أَنْتُمْ صَامِتُونَ
Lan manawa dhèwèké pa- dha sira ajak marang tuntunan, ora bakal padha manut ing sira; padha ingatasé sira, apa sira angajak dhè- wèké apa ta sira meneng baé
إِنَّ الَّذِينَ تَدْعُونَ مِنْ دُونِ اللَّهِ عِبَادٌ أَمْثَالُكُمْ ۖ فَادْعُوهُمْ فَلْيَسْتَجِيبُوا لَكُمْ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
Sayekti para kang padha sira uwuh saliyané Allah, iku du- munung ing kahanan batur, papa- dhanira; lah coba padha nyuwu- na marang dhèwèké, cikbèn pdha anyembadani marang sira, manawa sira iku padha wong temen
أَلَهُمْ أَرْجُلٌ يَمْشُونَ بِهَا ۖ أَمْ لَهُمْ أَيْدٍ يَبْطِشُونَ بِهَا ۖ أَمْ لَهُمْ أَعْيُنٌ يُبْصِرُونَ بِهَا ۖ أَمْ لَهُمْ آذَانٌ يَسْمَعُونَ بِهَا ۗ قُلِ ادْعُوا شُرَكَاءَكُمْ ثُمَّ كِيدُونِ فَلَا تُنْظِرُونِ
Apa padha duwé sikil kang- go mlaku, apa ta duwé tangan kanggo nyenyekel, apa ta duwé tangan kanggo nyekel, apa ta duwé mripat kanggo andeleng, apa ta duwé kuping kanggo ngrurungu? Calathua: Padha nguwuha para sisihanira, banjur padha anandukna upaya marang aku, lan aja awèh sumené marang aku
إِنَّ وَلِيِّيَ اللَّهُ الَّذِي نَزَّلَ الْكِتَابَ ۖ وَهُوَ يَتَوَلَّى الصَّالِحِينَ
Sayekti, pangayomanku iku Allah, Kang wus anurunaké Kitab, lan Panjenengané iku amawong- mitra para wong tulus
وَالَّذِينَ تَدْعُونَ مِنْ دُونِهِ لَا يَسْتَطِيعُونَ نَصْرَكُمْ وَلَا أَنْفُسَهُمْ يَنْصُرُونَ
Lan para kang padha sira uwuh saliyané Panjenengané iku ora kawasa mitulungi sira lan ora kawasa mitulungi awaké dhéwé

Choose other languages: