Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #165 Translated in Jawa

وَإِذْ قِيلَ لَهُمُ اسْكُنُوا هَٰذِهِ الْقَرْيَةَ وَكُلُوا مِنْهَا حَيْثُ شِئْتُمْ وَقُولُوا حِطَّةٌ وَادْخُلُوا الْبَابَ سُجَّدًا نَغْفِرْ لَكُمْ خَطِيئَاتِكُمْ ۚ سَنَزِيدُ الْمُحْسِنِينَ
Lan nalikané padha dipa- ngandikani: Padha angenggonana kutha iki,f sarta padha mangana wetuné kono endi sakarepira, lan padha munjuka: Mugi Tuwan ambirat sasanggèn kawula ingkang awrat punika;g lan padha malebua lawangé kalawan tumundhuk;h Ingsun bakal ngapura marang sira ing kaluputanira; Ingsun bakal amuwuhi paparing marang wong kang agawé becik
فَبَدَّلَ الَّذِينَ ظَلَمُوا مِنْهُمْ قَوْلًا غَيْرَ الَّذِي قِيلَ لَهُمْ فَأَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِجْزًا مِنَ السَّمَاءِ بِمَا كَانُوا يَظْلِمُونَ
Ananging sawenèhé, para kang atindak dudu, padha anyalini kalawan pangucap saliyané kang didhawuhaké marang dhèwèké; mulané Ingsun angutus siksa saka langit anibani dhèwèké, amarga saka anggoné atindak dudu.i
وَاسْأَلْهُمْ عَنِ الْقَرْيَةِ الَّتِي كَانَتْ حَاضِرَةَ الْبَحْرِ إِذْ يَعْدُونَ فِي السَّبْتِ إِذْ تَأْتِيهِمْ حِيتَانُهُمْ يَوْمَ سَبْتِهِمْ شُرَّعًا وَيَوْمَ لَا يَسْبِتُونَ ۙ لَا تَأْتِيهِمْ ۚ كَذَٰلِكَ نَبْلُوهُمْ بِمَا كَانُوا يَفْسُقُونَ
Lan padha takonana prakara kutha, kang angongkang sagara; nalika dhèwèké padha mlangkah wawalering Sabbat, nalika iwaké ing dinané Sabbat padha teka marani dhèwèké ngambang, lan ing dina kang dhèwèké padha ora amulyakaké Sabbat ora padha teka marani dhèwèké; kaya mangkono anggon-Ingsun nyoba dhèwèké amarga saka anggoné padha murang yekti
وَإِذْ قَالَتْ أُمَّةٌ مِنْهُمْ لِمَ تَعِظُونَ قَوْمًا ۙ اللَّهُ مُهْلِكُهُمْ أَوْ مُعَذِّبُهُمْ عَذَابًا شَدِيدًا ۖ قَالُوا مَعْذِرَةً إِلَىٰ رَبِّكُمْ وَلَعَلَّهُمْ يَتَّقُونَ
Lan nalikané ana sagolo- ngan saka dhèwèké acalathu: Yagéné kowé amituturi wong kang bakal padha linebur déning Allah utawa bakal padha siniksa kalawan siksa kang abanget? Padha mang- suli: Supaya luputa saka ing cacad ing ngarsané Pangéranmu, lan manawa-manawa dhèwèké bakal padha anjaga dhiri
فَلَمَّا نَسُوا مَا ذُكِّرُوا بِهِ أَنْجَيْنَا الَّذِينَ يَنْهَوْنَ عَنِ السُّوءِ وَأَخَذْنَا الَّذِينَ ظَلَمُوا بِعَذَابٍ بَئِيسٍ بِمَا كَانُوا يَفْسُقُونَ
Lah bareng padha anglir- waké barang kang dhèwèké padha diélingaké, Ingsun anylametaké para kang padha anyegah ing ala sarta Ingsun amatrapi para kang padha atindak dudu, kalawan siksa kang ala, amarga saka anggoné padha murang yekti

Choose other languages: